“Yo wis. Turu maneh.”
Tarno manthuk terus ngletakno awake. Wis pirang-pirang dino ngipip Lastri terus. Kate mampir nang omahe durung sempet. Pikire yo lek iso dilalekno, ning malah mlebu nang ngipi.
“Onok opo, Las?”
Tarno mung iso mbatin. Bojone wis turu maneh. Tarno ora iso mbalik turu tekan shubuh.
***
“Gak, Mak, aku nggak pingin mbalik. Lek sampeyan pingin mulih nang kampung gak popo.”
“Koen anakku wedok siji-sijine. Bapakmu wis gak onok. Gak onok pikiran blas nang utekku iki kate melu masmu. Koen nang leng semut ae yo bakal terus tak kancani.”
“Gak bakal terus koyok ngene, Mak, iki sementara thok. Lek wis oleh nggon sing luwih tepak yo pindah maneh.”
Emake Lastri mung gedheg-gedheg. Putune nang gendongan wis merem. Mari diusir soko kontrakane, Lastri pindah golek kosan. Mergo duwite mepet, ora nduwe wektu, sing penting ndang oleh panggon, Lastri melu sarane Meri.
“Gak onok sing bakal usil karo koen nang kene. Nasibe meh podho kabeh nang kene. Ngurus urusane dhewe-dhewe.”