“Emak kon rene ta? Cek koen onok koncoe.”
Lastri gedheg. Bapake nang omah saiki kerep sambat awake ora penak. Masio kadang Lastri kangen ning wong wedok iku mesakno lek emake ngancani dheweke.
“Yo wis, sabar sik. Lek sangune wis cukup ngko mulih omah.”
Lastri manthuk. Wong lanang wedok iku wis sepakat kate lairan nang kampung ae. Ora mung mergo cek ono sing ngewangi ngramut anake ning yo mergo luwih murah biayane.
“Budhal sik ya, ojo lali mangan.”
Lastri manthuk. Budi ngelus-elus wetenge bojone maneh terus ngambung mbun-mbunane Lastri sak durunge budhal kerjo.
[caption caption="Weleh Rem-e Blong karya Cak Min Mustamin."]
***
“Mas, kopine.”
“Suwun.”
Rini lungguh, nyanding bojone sing lagek nyruput kopi.