Mari dikomando karo arek lanang pimpinane, arek-arek wedok rokan span cendek iku langsung buyar dhewe-dhewe. Nang tangane podho nyekel kotak rokok.
“Rokoknya, Mas? Lagi promo, ini yang terbaru.”
Arek-arek lanang sing akeh nyangkrung nang pinggir embong mesam-mesem. Kumpul konco, ngobrol karo ngopi rasane koyo suwargo, opo maneh ditekani arek-arek wedok ayu klambinan mini.
“Rokoknya, Mas?”
Tarno sing bengi iki nyangkruk karo Eko karo konco-konco kuliahe biyen langsung noleh ndelok arek wedok sing moro nawakno rokok.
“Nggak, Mbak. Suwun.”
“Masnya mungkin?”
Saiki arek wedok iku ganti nawani koncone Tarno. Sing ditawani mung mesem karo ngenakno lek nyedot rokoke. Arek-arek lanang iku mesem kabeh. Mung oleh eseman, SPG iku ngalih, pindah nang gumbulan arek nyangkruk liyane.
“Ayune rek, kapan iso oleh bojo koyok ngunu?”
“Raimu, Jon, kuliah wolong taun gak kelar-kelar mosok onok wedokan sing gelem karo raimu, cuk.”
“Kuliah gak penting. Tarno ae gak lulus yo iso oleh bojo ayu, kerjo enak. Iyo gak, No?”