“Njenengan badhe pindah?”
“Gak…embuh, durung ngerti. Lek krasan yo bablas, lek gak yo moleh.”
Lastri mesem masio rodo kecut. Pikire lek ibuke Tarno pindah berarti Tarno ora bakal mulih.
“Oh iyo, wis dikabari Tarno durung awakmu?”
Lastri sing sik umek karo pikirane dhewe ora nyauri.
“Areke kate rabi. Arek lanang…disekolahno apik-apik malah mung pacaran. Lulus ae durung, wis kate nduwe anak.”
Koyo disamber gledek rasane Lastri krungu omongane ibuke Tarno. Gundule langsung ngliyeng. Tangane ngremeti mejo, golek gondelan. Meh ae arek wedok iku ora iso ngempet tangise.
“Pamit rumiyen,” omonge karo setengah mlayu.
***
“Nyangkruk sik ae, timbang mumet.”
Tarno mikir. Akhir-akhir wong lanang iku selot males mulih. Alasane lembur lek ditakoni bojone. Anake wis ora tau dicandak. Arek cilik iku biasane wis turu lek dheweke teko. Rini sing biasane ngenteni dheweke mulih, kadang yo wis ora kuat ngempet ngantuk.