“Saiki areke nang kene?”
“Iyo. Karo emak karo anake.”
“Anakmu?”
“Gak. Anake dhewe.”
“Bojone? Cerai?”
“Mati.”
“Hmmm...kate ngramut rondo iki ceritane?” karo ngomong Eko ngguyu maneh. Wong lanang sing rupane ketok luwih tuwik soko Tarno iku mesam-mesem dhewe.
“Bojomu?”
Ora oleh sauran, Eko nerusno lek ngomong.
“Ati-ati, gak usah kesusu. Aku ancen nakal, seneng wedokan. Tapi lek kon ninggal anak bojo yo gak wani. Ngunu iku mung tak ngge seneng-seneng. Seminggu pisan, sesasi pisan, sak onoke duwit, cek gak bosen hehehe...”
Tarno nyedot rokoke. Rokokan nang kantor ngene mung wani lek bose lungo.