"Hehehehe..." Diman cengengesan pas wis mbalik saka warung mangan.
"Mulih kono," omonge Wiji.
"Hehehe..." Diman sik cengengesan.
"Njaluk ambung wedhus kono," saure Wiji sing paham karepe Diman.
Karo mesam-mesem arek lanang iku pamit mulih. Sak durunge ngalih Diman njawil pipine pacare. Sing dijawil kaget trus menteleng.
"Hehehe..."
Bedo pacaran bedo maneh pas wis dadi bojo. Ora adoh bedane. Diman sik kaya boto, bedane Wiji wis paham adate bojone wis duwe coro dhewe ngatasi cek dheweke ora mati kaku saking gemese. Isuk iki Wiji karo Diman wis siap-siap kate budal nang stasiun. Wiji karo Diman ngajak Tomin anake numpak sepur nang omahe mbahe. Mesisan nyambangi emake Wiji sing lagi ora enak awak. Jarak omah karo stasiun ora patio adoh. Wiji, Diman sing durung duwe kendaraan biasa mung mlaku. Tas gawan sing wis dicepakno dicandak Diman. Tomin digendong Wiji. Nggowo tas loro gedhe-gedhe Diman mlipiri gang pinggir rel.
"Dada karo pak'e," omonge Wiji nang anake.
Tomin cilik lunjak-lunjak ndelok bapake. Wiji mesam-mesem.
"Heh!"
Diman sing ndelok anak bojone kaget. Wong lanang iku saking cepete lek mlaku ora krasa anak bojone ketinggalan nang mburi. Wiji sing males gembrah milih nyegat becak. Becak sing ditumpaki dheweke karo anake akhire nyalip Diman sing kabotan nggowo tas loro.