"Diambung trus ditinggal," sauté Sri.
"Ho oh, koyok Watik kae," Denok nambahi.
"Yo gak mungkin. Watik kok dipadakno aku. Adoh, gak level."
Denok, Sri karo Nonik padha-padha mencep saiki. Wiji sing sik meneng ae mung nyawang konco-koncone.
"Lha koen yok opo, Ji? Sik karo Diman ta?" takone Sri.
"Isik tho, Ji? Heran aku, kok iso awet koen karo arek koyok ngunu. Ngunu ki koen lek pacaran yo dijak omong? Opo yo dijarno ngomong dhewe?" takone Denok.
"Lek kate mangan gedruk ping siji. Ngajak lungo gedruk ping loro. Kate mulih gedruk ping telu..."
"Hahahaha..." Sri karo Denok ngguyu bareng.
"Padakno dukun ae. Sing penting aku seneng," balese Wiji.
Masio mbelani pacare nang ngarep konco-koncone ning asline Wiji kadang yo pingin kaya konco-koncone iku. Diman lek dolan nang kos e paling mung cengar-cengir. Ngajak dolan yo meneng ae, mlaku ae senenge. Durung lek lagi mlaku ngunu kerepe Wiji ditinggal. Ora rumangsa opo lali lek ngajak arek. Lek wis ngunu iku paling Wiji mung mecucu, mandeg sampek Diman nyadar lek Wiji ora nang sandinge.
Kaya bengi iki pas Diman ngajak mlaku-mlaku nontok pasar malem. Diman sing lek mlaku cepet ora nyadar lek Wiji sik nang mburi. Jenenge ae nang pasar malem pingine Wiji yo alon-alon, dinikmati lek mlaku-mlaku. Sukur-sukur lek digandeng tangane. Dapakno digandeng, ditinggal iyo. Ora mung ninggal Wiji, Diman sing mari mubeng-mubeng malah lali lek lagi lungo karo Wiji. Arek lanang iku wis siap-siap kate mulih. Sing ditinggal saking mangkele ora pingin mburu opo nggoleki langsung mulih dhewe numpak ojek. Akhire Diman sing wis sadar bingung nggoleki pacare.