Diman ora nerusno lek takok. Klambi sing digoleki Diman iku kaos karo kathok endek. Ancen wis elek, rupane wis mbladus ning biasa digawe Diman nang proyek.
"Mak..."
"Opo?"
"Lek dijak omong ki mbok nyawang. Koen nesu ta?"
"Gak."
Mari nyauri Wiji ngalih. Wong wedok iku saiki ora iso suwi-suwi cedek bojone. Rasane pingin ngalih ae. Urip bareng wis pirang taun, Diman ngerti ono opo-opo karo bojone, ning wong lanang iku durung nemu wektu sing pas. Polahe Wiji dhewe yo kerep ngalih lek dicedeki. Isuk pas anak bojone sik turu, Wiji wis tangi. Karo umbah-umbah ora krasa luh e netes nang pipi.
"Koen lapo?"
Diman sing tibake wis tangi, mara-mara nang mburine Wiji. Wiji ngusapi luh atek dastere.
"Koen gak seneng ta aku mulih?"
Wiji gedheg. Diman nyandak dingklik cilik terus lungguh nang sandinge bojone.
"Tak tontok koen saiki kok gak betah cedek aku. Onok opo?"