Biyen aku mikir ngunu sak gurunge aku ngerti lek sampeyan yo iso akeh omonge, ora pelit esemane. Sayange, sing kaya ngunu iku gak ngge aku, bojomu. Aku gak kate takok opo'o, sampeyan dhewe sing ngerti. Sing tak ngerteni saiki, aku gagal. Aku, bojomu, gak iso dadi panggonan sing iso mbok bagi, susah seneng pikiranmu. Gawe opo aku dadi bojomu lek crito ae sampeyan gak nyaman, mesem ae angel. Aku gak pingin sing enak-enak thok, Mas, kudune ngunu iku sampeyan yo wis ngerti.
Aku ngomelan, aku gampang mecucu, tukang ngabruk, tak akoni. Aku gak mbenerno sifat-sifat elekku iku ning aku usaha, aku usaha yok opo sampeyan ngerti opo sing tak rasa, aku pingin mbagi kabeh iku karo sampeyan, bojoku. Limang taun, Mas, sik limang taun, bakal luwih akeh maneh sing awake dewe lewati ning iso ugo sewalike. Terserah sampeyan.
Biyen tau onok sing ngomong nang aku, ngomong tresno aku ning gak iso nang sandingku, gak iso barengan. Dingge opo? Tresno iku dibagi, guduk dipendem. Tresno gak iso bareng trus ngge opo? Omong kosong ngunu iku ngge aku. Ning aku yo ngerti guduk tresno lek mekso. Aku tau ngomong sampeyan bebas, Mas, aku gak mbujuk. Sampeyan meneng mergo gak pingin aku lara ati? Gak pingin aku nangis? Sing ngene iki justru garai aku ngenes, Mas, luwih saka lara lek tibake sampeyan ora tau seneng nang sandingku. Aku pingin sampeyan seneng, Mas, aku pingin ndelok sampeyan ngguyu. Sampeyan pingin nangis pun monggo, aku nang kene ben dina, nang sandingmu.
Ning lek sampeyan gak ngrasa nyaman mbagi nang aku trus ngge opo aku nang kene. Aku gak butuh dipakani, opo maneh mung dikeloni. Nang sandingmu ning gak mbok anggep, gak iso gawe mareme atimu, mung garai lara, sampeyan lara, aku yo lara. Ning aku yo sadar nyaman ki ora iso dipekso. Lek ancene onok wong liya sing iso garai sampeyan nyaman, iso gawe sampeyan seneng, iso mbok jak berbagi seneng susah pikiranmu, monggo Mas, iku pilihanmu. Gak onok seneng selawase, padha ugo gak onok susah sing abadi. Pilihane dewe, Mas, pilihanmu, pilihanku. Lek ancen pilihane awake gak padha, gak iso, gak onok sing perlu dipaksakno. Aku gak iso nang kene terus, gak iso lek kaya ngene. Pilihanku, aku tak lungo.
Adekmu,
Wiji
Diman nglagepan. Wong lanang iku ngusap kringet nang raine sing netes ora karuan. Karo lungguh matane clingak-clinguk nggoleki bojone.
"Mak."
***