Tomin mecucu. Mari wingi manuke kecepit slerekan Tomin kudu disunat maneh. Arek lanang iku ora mlebu sekolah soale mlakune sik angel. Lek pingin mekso sakjane yo iso ae ning ora iso nggawe kathok, isone sarungan. Jelase Tomin ora gelem, isin. Mbuh mergo wis kegeden areke opo ancen Tomin sing manja, manuke Tomin ora ndang mbalik-mbalik. Ketoke arek iku malah kesenengen nang omah. Penggaweane ben dina mung nonton tipi, mangan, turu kaya raja.
Pak'e Tomin meneng ae. Wong lanang iku wis tuwuk lek ngrungokno anak bojone gembrah ben dina. Paling lek wis mangkel kaet melu omong. Nyandak sepeda motor Diman budal nang pasar. Sakjane lek karepe ati ngunu Diman pingin nduwe anak maneh. Lanang opo wedok ora masalah ning bojone ora gelem. Wiji trauma mergo biyen pas nglairno Tomin angel. Meh ae dheweke bablas.
Sesuke awan-awan Tomin umek maneh.
"Mak pingin es, ngelak."
"Banyu putih ae," saure Wiji.
"Halah mak, guluku ki rasane gak enak ngombe banyu putih garai munek-munek. Pingin sing onok rasane."
"Teh ae lek ngunu," Wiji sik ora gelem ngalah.
"Emoh, es campur mak. Nang omahe Yeni kae lho mak, yo mak?" Tomin mulai ngrayu.
"Es campur kae atek santen..."
"Garai gatel, teles..." saute Tomin.
"Lha ancen iyo kok. Arek diomongi kok mesti nyauri."