Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Tawuran Yeah!

18 Oktober 2012   00:05 Diperbarui: 24 Juni 2015   22:43 651
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Durung sempat Tomin nyauri, moro-moro ono suwara banter nyeluk jenenge. Bareng disawang tibake mak'e. Wong wedok iku mlaku karo bengak-bengok.

"Yahmene sik nyangkruk ae. Nyapu-nyapu kono!" bengoke nang anake.

Timbang mak'e selot banter lek ngomel, selot ngisin-ngisini tur yo wedi sisan, Tomin ndang ngadeg banjur pamit nang kancane loro iku. Sak durunge ngaleh dheweke ngomong nang Edi.

"Jelas wedi lah, wong koyok ngunu iku modele," omonge lirih karo ngaleh.

"Sesuk ojo lali," omonge Budi ngelengno.

Jam terakhir kosong, ketepakan. Crita sing wingi mung diomongno arek telu saiki wis dibahas sak kelas. Ketepakan kok jam pelajaran kosong sisan, akhire arek sak kelas niat ngruduk arek-arek sebelah wingi bareng. Cukup sak kelas ae, wis mayan akeh. Wong sing kate diajar yo mung arek papat ae. Ora akeh. Ndene ngko rame pikir keri. Cek ora ono sing curiga arek-arek sak kelas iku nyebar. Saiki arek-arek sekolah lek ngumpul rada akeh ngunu mesti disawangi pulisi, biasa ora lapo-lapo yo dikongkon buyar.

Edi karo Budi wis siap karo arek telu kancane sak kelas nang terminal. Tomin sing ndredeg, pamit nang WC dhisik. Arek sing ora tau melu tawuran iku wedi karo emake. Ora tega sisan lek kon gelut, ngajar uwong.

"Nang ndi Tomin iki cek suwene?" takone Edi.

"Jare mau mules, nang WC paling."

"Uancik, onok-onok ae arek iku! Ndi ki areke sing mbok critakno Bud, gurung ketok ta?"

"Gurung, ki kan gurung wayahe muleh sekolah. Paling yo diluk engkas sih."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun