Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Layang Suwara

22 Oktober 2012   05:32 Diperbarui: 24 Juni 2015   22:32 635
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
13508838761635987399

"Emoh, diluk maneh."

"Gak iso mas, ngko malah aku diseneni. Sabar sik, ngko bengi tak telpon maneh, yo?"

Parti mateni telpone banjur cepet-cepet mlayu marani juragane sing nyeluk. Nang sebrang, Supani sing sik kangen bojone mung iso misuh-misuh. Wis nem sasi bojone budal dadi TKW nang Malaysia. Urip nang kampung selot abot, opo maneh lek ora duwe modal. Wong lanang sing biyen dodol klambi nang pasar iku kepekso nglelakno bojone nang luar negri amarga kiose kebakaran. Anak loro sing wes SD karo SMP butuh biaya akeh. Pingine dheweke sing lunga ning wong lanang sak umurane iku angel lek kate nang luar negeri, opo maneh ora duwe ketrampilan liyane dagang.

"Gusti, abotmen cobamu iki..." omonge Supani lirih.

Saben dina sms-an, telpon masio ora ben dina seminggu pisan mesti ning ora garai kangene ilang malah selot ndadi. Anak-anake sing wis seneng dolan dhewe ora tau nakokno mak'e. Anak-anake wis diwanti-wanti bojone ora oleh nakal, kudu manut pak'e, kudu sregep sinau. Arek cilik masio krasa kelangan ning ngerti perjuangan wong tuwane. Lha sing gedhe bukane ora ngerti ning ono sing ora gelem ngerti.

Sore mancing nang pinggir kali cek ora kepikiran bojone ae. Isuk, awan nang tegalan, macul-macul karo tandur-tandur sak onoke. Kate dodolan maneh sing durung wani. Duwit lek ngirimi bojone sasi wingi dinggo mbayar kebutuhan sekolah anak-anake. Iso tahan pirang jam, ning lek wis bengi rasa kangene mbalik maneh. Anak-anake wis turu. Omah wis sepi ning matane Supani ora gelem ndang merem.

Dek....

SMS dikirim wis setengah jam luwih ning durung dibalesi. Bojone lek kerjo ancen nganti bengi, kadang ora ngerti wayah. Kesel ngenteni balesan, Supani nyetel MP3 nang henpone.

Wis nem sasi lagu-lagu iku ae sing disetel. Lagu sing menurut dheweke pas nggambarno opo sing lagek dirasakno atine.

Layangmu, lewat sms hp-mu... Raiso, ngobati kangenku... Sworomu, lewat telepon gratisan... Raiso, ngalai yen sesandhingan...

Supani merem. Lambene lirih nirukno penyanyi koplo sing suwarane saiki ngebeki kamare. Bayange Supani mulai mblayang teka ngendi-ngendi. Eling jaman bojone sik nang omah. Lek dipikir bojone yo ora ayu-ayu nemen, biasa malah. Awake rada gedhe alias lemu. Kulite coklat khas wong jowo. Ning wong wedok sing wis ngewei anak loro iku ancen ora ono gantine. Pijetane ngalah-ngalahi ahli tukang pijet, enak tur mantep. Masakane masio ora enak-enak nemen ning pas nang ilat. Sing ngunu iku Supani ora tau ngeluh. Masio kadang mangkel lek bojone kumat ngomele ning lek adoh ngene iki lagek krasa ono sing ilang.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun