[caption id="attachment_205628" align="aligncenter" width="448" caption="ilustrasi dijupuk saka pixabay.com"][/caption]
Kaet isuk Tarji mulek ae. Mulih saka pasar wong lanang sing dadi blantik wedhus iku ketok ora tenang. Diluk-diluk nyawang jam, banjur nginceng hp-ne.
"Pak, meneng. Ojo umek ae koyok ngunu, mumet ndasku sing nontoki," bengoke bojone sing jebule ngemati.
"Lapo sih? Aku lho gak lapo-lapo," saure Tarji.
"Gak usah mbujuk. Awas lek ngko mendem, tak kunci omahe!"
"Sopo sing katene mendem? Aku lho wes gak tau mendem maneh."
Endang neleh sisire. Wong wedok sing lagek nyemir rambute iku langsung nyawang bojone, ora, mentelengi.
"Mbok pikir aku gak ngerti ta? Goblok ta? Koncomu lak teko sih, konco kesayanganmu, konco mendem!"
Tarji ora iso selak. Wong sugih kaya Bambang ora akeh nang kampunge. Kanca cilik sing wis dadi kontraktor sukses nang Kalimantan iku kaet teka wingi, nyambangi mak'e. Isuk-isuk pas Tarji nang pasar dheweke disms, bengi iki dijak pesta nang omahe Bambang. Kanca-kanca liyane wis dikabari. Sakjoke urip nang Kalimantan, Bambang jarang mulih, durung mesti setaun pisan. Ning ben mulih siji sing ora tau dilalekno, kumpul kanca-kanca banjur omben bareng. Itung-itung nostalgia jaman lawas.
"Wes gak sabar pingin nyusul koncomu kae? Pingin stroke koyok Paeran kae? Wes tuwek pak, ndang tobat. Urutanmu ki yok wes gak suwe maneh, ngaji-ngaji kono ojo omben ae sing dibelani."