Tarji meneng. Ndelok bojone meneng, Endang selot semangat lek ngomel.
"Wes gak doyan jangan terong maneh ta? Bosen dikeloni wedokan lemu koyok aku? Pingin dikeloni cacing-cacing kae? Yo kono ndang budal."
"Opo sih mak?"
Kesel lek ngomel, Endang nerusno lek nyemir rambut. Tarji sing masio wis diomeli ngalor-ngidul karo bojone, masio yo ngrasa lek omongane bojone ono bener pancet bingung. Wis telung taun Bambang ora mulih nang kampung. Ketemu thok yo ora mungkin. Mesti dheweke bakal diisin-isin kanca-kancane lek ora melu ngombe.
Jam pitu bengi Tarji selot bingung kaya pitik sing memeti, bingung kate ngendok. Hp-ne wis bola-bali muni, yo telpon yo sms. Kanca-kancane ngabari lek wis padha kumpul. Wis dipikir, Tarji kudu tetep budal. Ngombe segelas rong gelas lak ora bakal konangan bojone, ora nganti mendem.
"Ketoke selot penak uripmu saiki, Ji?" takone Bambang.
"Enak opo, sik ngene-ngene ae."
"Ngene-ngene yok opo wong ketok selot subur ngunu. Opo mergo duwe simpenan nyar saiki?"
"Hahahahaaaha," kanca-kancane ngguyu bareng.
"Simpenan opo? Siji ae gak entek," saure Tarji.
"Opo yo sik enak? Gak ngloloti ta ngunu iku? Hahahaha."