Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Stress

11 Oktober 2012   01:07 Diperbarui: 24 Juni 2015   22:57 770
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Paino   : Urip ki ancen lucu yo, Min. Wong liyo dibelani, dulur dhewe dijarno. Anake wong dipakani, diramut, dulur dhewe digledakno.

Tomin  : *meneng ae, umek karo layangane*

Paino   : Diewangi gak ngerti wayah, lali dulur cek iso nukokno mbarang-mbarang malah mung ngene ae balesane. Kurang opo lekku mbelani dheweke. Dipikire mubeng golek rosok iku penak ta? Kesel, durung maneh yo isin. Ning lek isin sakjane wis gak tak pikirno, wes kebal aku. Sing penting lak halal ta, duwek apik.

Paino ambekan dawa. Sing dijak omong mung ngrungokno karo pancet umek dhewe.

Paino   : Sakiki anake digowo lungo. Gak mikir arek sik cilik, sik butuh bapake. Nesu sithik senenge minggat. Lha dipikir aku iki gak iso mikir ngunu ta? Gak pingin iso ngeweki opo sing dipingini. Lek iso ngunu yo dunyo iki tak tuku kabeh nggo de'e. Mung mergo gak ditukokno hp ae langsung minggat. Lha dipikir iso ta tuku hp gawe godong? Wong rosok sakmunu akehe isine mung kertas, botol-botol, payu piro sih lek didol? Dinggo mangan ae kerep tombok.

Tomin meneng. Ora nyauri opo-opo, dijarno pak lik'e iku terus ngomong.

Paino   : Min...Min, dijak omong kok meneng ae. Lha opo temenan omongane wong-wong iku? Oalah Min, nemen aku iki. Wong stress takjak omong. Suwi-suwi aku koyok koen sisan, edan.

Paino ambegan dawa maneh karo ngelus dadane.

Paino   : Oalah yo...yo nemen aku iki, arek stress ngene kok tak curhati, lak melu stress sisan aku ngko.

Paino sing ben dina nyasat ora tau leren lek kerjo lali lek ponakane iku stress. Ponakane iku jare wong-wong ngekleng sakjoke ditinggal bojone dadi TKW nang Malaysia. Krungu-krungu bojone ora gelem mulih nang omah, malah milih wong lanang liya alias duwe pacar maneh.

Paino   : Yo wes Min, aku tak muleh.

Paino pamit nang ponakane sing saiki ngguyu-ngguyu dhewe iku.

Paino   :  Duh Gusti, paringi waras, waras pikir.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun