"Atek takok pirang kilo, yo sing penting iso ngge lawuh. Wong yo senenge mung pupu ae."
Bengi wayahe turu Paijo kepekso ngalah. Ndemin 1 sing kaet isuk ndrenginging malih ora penak turune, polah terus. Adike dijejeki, mak'e dijejeki, bapake dijejeki. Kasur sing ora ombo, selot cupet goro-goro Ndemin 1 polah ae lek turu. Krembuk-krembuk Paijo metu, turu nang ngarep tipi.
"Min, raup dhisik!" bengoke Narti.
Sing dibengoki malah selot banter lek mlayu. Arek cilik iku tangi turu langsung pingin dolanan. Eling lek kancane duwe montor-montoran anyar.
"Pak, kae cekelen anakmu. Rupane sik kepet ngunu kae lho. Adusono sisan," saiki Narti mbengoki bojone.
Paijo kaet ae metu saka WC pas dibengoki bojone. Niate kate adus trus budal kerjo. Disawang bojone sing umek nang pawon, masak. Anake nomer loro sik turu, nang kamar.
Mari melu ngurus anake, kaet ae kate budal, sik nyandak sepeda, bojone mbengok maneh, nyeluki.
"Pak!"
"Lapo maneh?" saure rada banter.
Narti sing krungu bojone rada mbengok lek nyauri moro nyedeki.
"Ngko awan ojo lali mulih dhisik, aku kate metu sediluk," omonge Narti.