Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Kangen

30 September 2012   22:26 Diperbarui: 24 Juni 2015   23:26 838
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1349043906852338718

[caption id="attachment_201877" align="aligncenter" width="578" caption="ilustrasi koleksi pribadi"][/caption]

Masio ora kepekso, masio wis biasa, iso nrimo ora brarti lek Narti ora tau kangen omah, kangen mamah papahe. Jenenge ae anak tunggal, siji-sijine, masio kerep tukaran karo mamahe amarga ora cocok pikiran karo kepinginane Narti sadar lek mamahe sayang dheweke. Patang taun luwih urip karo Paijo, pisah karo mamah papahe, Narti sik kerep kangen masio biasane ora diduduhno, dislimur dhewe.

Kaya dina iki. Kaet tangi Narti langsung umek ngurus omah, kaya biasane.

"Mak, adek mimik," omonge Ndemin 1 sing lagek nang njero bak, adus.

"Gak, wong wes wareg kok. Ojo dijaraki, jarno dolenan bebek-bebekane iku," bengoke Narti saka pawon.

"Gulung wareg. Iki lho areke njaluk mimik, tak jaluk gak oleh," Ndemin 1 bengok maneh.

Krungu saurane Ndemin 1, Narti langsung metu marani anak-anake nang pinggir sumur. Ndemin 2 nggandoli jebor sing kate dijaluk mas'e. Arek loro iku rayahan. Ndemin 2 sing durung iso ngomong, durung jelas ketok nesu karo ngomel-ngomel gawe boso sing mung dheweke sing ngerti artine.

"Deloken ta mak, gak oleh iku lho tak jaluk. Kaet mau wes mimik akeh sik gulung wareg ae."

"Oalah Min...Min, lak kembung adekmu ngko. Ayo mentas ae," omonge Narti.

"Adek ae, atu ngko ae."

"Kabeh. Mak'e kate nerusno masak, tunggonono adekmu."

"Emoh, atu sik pingin adus. Kaet mau dilucuhi adek."

Ndemin 2 nangis dicandak mak'e. Ndemin 1 ora gelem mentas, garai adeke pingin melu. Akhire Ndemin 1 dipekso sisan karo mak'e, tangane dicandak, diseret metu saka bak. Sik pingin dolanan banyu arek cilik iku akhire melu nangis.

"Malah nangis kabeh, tak cetot mbuh ngko," omonge Narti mangkel.

Isuk-isuk wis padha nangis, Narti sing ketoke ora enak awak karo pikirane malih ngomel ae. Anak-anake diluk-diluk nangis, rewel, garai wong wedok iku judek atine. Paijo kaet isuk wis budal. Dina iki wong lanang iku dijaluki tulung ngewangi manen pari nang sawah karo emake.

"Mak'e tumbasno es klim."

"Gak oleh, watuk ngko," saure Narti.

"Ola! Nyuwun es klim!"

"Kandani kok. Mimik cucu ae."

"Emoh cucu, bocen!"

"Bosen yo wes, cek dipek adek ae," omonge Narti.

"Mak'e nakal!"

Ndemin 1 sik bengak-bengok jaluk es krim. Gara-garane pas dolan nang omahe Tomin dheweke ndelok kancane iku mangan es krim. Ndemin 2 sing turu krungu rame-rame langsung tangi trus melu nangis.

"Ojo rame ae, kae adeke maleh melu rewel," omonge Narti nang anake.

"Bahno. Tumbasno es klim pokoke!"

"Nangis-nangiso, gak urus," omonge Narti ora gelem kalah.

"Mak'e nakal! Mak'e nakal!" Ndemin 1 selot banter lek mbengok.

Mas'e bangak-bengok, mak'e melu ngomel garai Ndemin 2 selot banter nangise. Dimimiki ora gelem, digendong oyeng ae. Mangkel, akhire Ndemin 1 sing sik umek jaluk es krim dicewel bokonge karo Narti. Ndemin 1 langsung nangis banter.

Pas nangis banter, pas bapake teka. Wong lanang sing kesel mari manen iku langsung nyandak anake. Narti nggawa Ndemin 2 mlebu kamar, dituru-turu anake nomer loro iku. Ndemin 1 nang gendongane bapake mung membik-membik. Ora wani nangis banter ning sik lara atine amarga dicewel emake.

"Wes cup, ojo nangis. Lapo kok nakal?"

"Atu gak nakal," saure Ndemin 1.

"Pak'e sik repot, mak'e yo kesel ngurus omah makane dicewel mau. Lek gak nakal yo gak dicewel," omonge Paijo karo ngelus-ngelus gundule anake.

"Atu nyuwun es klim mau," saure Ndemin 1 sik membik-membik.

"Yo gak usah nangis. Ngenteni pak'e. Lek nyuwun mak'e ngko adeke ngerti melu njaluk sisan, gak oleh adeke mimik es."

Ndemin 1 meneng ngrungokno omongan bapake. Arek cilik iku akhire ngantuk. Biasane lek kate turu ngoleki mak'e amarga mak'e mau nesu arek cilik iku wedi. Suwi-suwi nang gendongane bapake, kesel lek nangis, merem dhewe.

Nang kamar Narti sing mari nurokno Ndemin 2 gletakan. Wong wedok iku getun mari nyewel anake. Biasane sak mangkel-mangkele ora tau nganti ndemok anake, nglarani. Paling banter yo mung bengak-bengok, ngomel.

Mari nelehno Ndemin 1 nang kasur Paijo nyedeki bojone. Ora usah dikandani, ndelok bojone, ngerti bojone ngganti nyewel anake Paijo ngerti mesti ono opo-opo. Durung ditakoni Narti wis nangis dhisik. Akhire Paijo mung ngelus-elus gundule bojone, ora sido takok.

Dielus-elus bojone ora malah mari lek nangis, Narti malah selot deres lek mbrebes. Raine ditutupi bantal. Suwara tangise diempet cek anak-anake ora krungu. Alon Paijo mapan nang sandinge bojone, masio digegeri karo Narti. Ati-ati Paijo mbukak bantal sing nutup raine bojone. Ora iso. Karo Narti bantale digondeli rapet, ora oleh dibukak.

"Kangen omah?" takone Paijo lirih nang kupinge bojone.

Narti meneng, mung manthuk sithik trus nangis maneh. Paijo ngrangkul bojone ko mburi.

"Sesuk muleh," omonge karo ngambung pipine bojone trus dirapeti lek ngrangkul.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun