"Dikandani kok, nggawe sing biasa ngunu lho."
"Lha aku opo nduwe klambi sing gak biasa?"
"Yo guduk iku pokoke."
Narti njajal rok'e. Rok sepan werno ireng sing biyen ditukokno mamahe sik cukup digawe. Ora nggatekno omongane bojone, Narti njupuk nduwuran trus digawe. Hem kembang-kembang werno putih ungu sing lengene separo. Paijo ndlongop ndelok bojone. Klambi sing digawe Narti klambi lawas kabeh. Ndelok bojone, Paijo eling Narti jaman biyen.
"Apik tho?" takone Narti.
Paijo meneng. Narti nang ngarepe ora bedo karo Narti jaman durung rabi biyen. Klambi sing biyen rada longgar saiki siset, malah tambah pas nang awak.
"Apik opo, metetet ngunu kok apik. Yok opo lek moro-moro bedah kancinge?" omonge Paijo.
"Yo gak. Mosok aku kate pencilakan. Wong mung lungguh, ngrungokno kok."
"Lek diomongi mesti gak percoyo. Sak karepmulah."
Narti meneng ae. Diterusno lek macak. Rambute disisir, dikuncir trus nggawe wedak. Lek ora ngerti ngunu mesti dipikir sik sekolah.
"Budal sik," pamite Narti.