[caption id="attachment_199644" align="aligncenter" width="450" caption="ilustrasi dijupuk saka gambar-lucu.com"][/caption]
Masio wis duwe anak loro, lek disawang Narti ora beda karo arek wedok sing sik prawan. Ben dina tangi isuk-isuk ngramut omah karo anak bojone garai awake sing masio mundak bobote tetep siset. Raine meh ora tau kenek make up. Paling pol lek dandan yo mung sisiran karo wedakan, iku ae gawe wedake anak-anake, wedak bayi. Iku ae kerep ora sempat polahe wis diriwuki anak-anake. Akhire rambute kerep dikuncir sak onoke. Raine yo kerep kringetan, kumus-kumus.
Isuk iki tangi turu Narti siap-siap nang pasar. Biasane jarang nang pasar, mung nyegat tukang sayur sing lewat. Kaet bengi wong wedok iku angen-angen pingin masak lele dibumbu kemangi. Bojone sik uglak-uglik nang kasur. Anak-anake sing turu dipasrahne nang bojone cek dijaga. Mari salin klambi, sisiran, Narti cepet-cepet budal nang pasar wedi lek anake tangi.
"Kate nang ndi kok ketoke kesusu?"
Narti noleh. Tanggane, Paimo, sing lagek ngelap sepeda motore nang ngarep omah nyapa dheweke.
"Nang pasar," saure Narti.
"Kok mruput?" takone Paimo maneh.
"Mumpung arek-arek sik dikeloni bapake."
"Mak'e wis tuwuk ta lek ngeloni?" omonge Paimo karo mesam-mesem.
Narti meneng. Disawang tanggane iku. Sing disawang sik mesam-mesem. Masio nang njero ati mangkel Narti meneng ae, mung raine langsung maleh. Wong wedok iku akhire milih mlaku maneh. Omongan ngunu iku wis biasa nang kampung. Omongan iseng, nggudo ning Narti ora tau seneng. Bedo karo Paini misale sing mesti iso nyauri, Narti milih meneng, males nanggepi.
Masio sik isuk pasar wis rame. Mumpung ono dhuwit, mumpung nang pasar, Narti blonjo rada akeh. Mari mubeng golek bumbu-bumbu sing entek Narti moro nang bakul lele. Bakul lele nang pasar ono loro. Loro-lorone tanggane. Milih sing ora patio rame, Narti tuku nang Agus.
"Sekilo ae, sing cilik-cilik," omonge Narti pas wis gilirane.
"Kok milih sing cilik?" takone Agus.
"Enak sing cilik, gak patio akeh daginge," saure Narti.
"Gak enakan sing gedhe ta?" takone Agus maneh karo ngguyu.
Narti meneng. Raine Agus nang ngarepe disawang. Wong lanang iku ketok mesam-mesem karo milihi lele. Narti ambekan dawa.
"Koen iki aneh, liyane golek sing gedhe iki malah golek sing cilik. Lek jare wong-wong sih enak sing gedhe. Jareku yo ngunu, tuwuk hehehe..."
Krungu omongane Agus, bakul pitik sebelahe melu ngguyu. Wong wedok umur patang puluhan iku malah melu-melu omong.
"Yo gak mesti yo Nar, gedhe o lek gak lincah yo ngge opo."
Narti mesem, sithik.
"Gak lincah yok opo, lincah pol lek ka'anku. Mbuh lek lelene bojone sampeyan hahaha..."
Akhire bakul loro iku ngguyu-ngguyu dewe. Mari dikekno pesenane Narti langsung mbayar trus ngaleh. Wis oleh kabeh sing digoleki Narti bablas muleh.
"Bareng aku ta?"
Narti kaet ae metu saka gerbang pasar pas moro-moro ono suwara omong karo dheweke. Pas disawang tibake Wawan, tukang ojek sing biasa mangkal nang pasar.
"Gratis wes," omonge maneh.
Narti gedhek. Diterusno lek mlaku. Durung nganti pirang jangkah, kupinge nangkep suwara maneh.
"Isuk-isuk mecucu ketok lek gak dikei karo bojone hahaha..."
"Gak dikei opo cak?"
"Lha embuh. Lek tangi turu lambene maju ngunu iku lak bengi kurang lek ngramut hehehe..."
"Ngunu ta? Aku yo gelem lek kon ngramut."
Meh ae Narti mandeg ning diempet. Dipekso sikile terus mlaku. Atine mbedodok. Kaet mau wis diempet-empet sik ae ditambah-tambahi.
"Emane yo cak? Dadi bojoku lak enak biyen. Gak bakal kurang ramutane. Dijamin tuwuk wis, sak jaluke," suwarane Wawan sengojo dibanter-banterno.
Teka omah Narti nelehno blonjoane nang duwur amben. Amarga rada dibanting blonjoane iku ngetokno suwara banter. Paijo sing lagek tangi moro nang pawon. Ndelok bojone mecucu Paijo nerusno lek mlaku nang sumur. Mari raup wong lanang iku mbalik maneh nang pawon.
"Isuk-isuk wes mecucu. Lapo?" takone ati-ati.
Narti ora nyauri. Wong wedok iku tetep umek karo blonjoane. Paijo ngukuri gundule. Wong lanang iku saiki lungguh nang ngarepe bojone. Siap-siap batine. Wis apal lek mecucu ngene lak mesti ono sing garai atine mangkel. Masio ora ngerti perkarane kudu siap lek kenek omelane.
"Wong kok lambene turah," omonge Narti karo sik mecucu.
Nang njero ati Paijo mesem. Temenan kan, batine.
"Yo gak usah dirungokno," omonge Paijo alon.
"Nduwe kuping kok gak oleh ngrungokno, yo lek budheg ngunu."
Paijo meneng.
"Yo dirungokno tapi gak usah dilebokno ati," omonge Paijo.
"Omong thok enak, sing krungu males."
"Lha trus yok opo?"
"Embuh."
Lek wis embuh ngene Paijo milih meneng. Akhire wong lanang iku nyandak péso, ngewangi ngresiki brambang. Isuk-isuk nesu lek ditinggal ngko selot mbedodok atine.
"Clometan koyok wong gak tau mangan sekolahan," Narti sik ngomel.
Tibake rada nemen loro atine, batine Paijo.
"Lek mangan sekolahan lak podo karo rayap mak," saure Paijo.
Asline ngunu pingin ngerti perkarane ning ora wani lek takok langsung, dijarno bojone ngomel. Tibake sing dienteni mung ngomel ora jelas. Ora gelem crita opo sing garai mangkel.
"Wes ojo mecucu ae, gosong ngko lelemu," omonge Paijo.
"Bahno," saure Narti.
"Ho oh, sak sirmu wes. Mecucu terus yo oleh kok, malah nggemesi," omonge Paijo karo mesem.
Narti mandheg lek ngresiki bumbu trus nyawang bojone. Sing disawang ngenteni be'e ono sing kate diomongno ning dienteni suwi ora ono sing diomongno.
"Ealah," batine Paijo.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H