Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Seksi

12 September 2012   00:00 Diperbarui: 25 Juni 2015   00:36 1423
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

[caption id="attachment_198529" align="aligncenter" width="520" caption="ilustrasi dijupuk saka kartunmania.com"][/caption]

"Melu ae Ti, murah kok. Ayo ta!"

"Gak iso, lha arek-arek yok opo ngko?"

"Lak onok bapake sih, dijak diluk lak iso. Paling suwi yo sak jam, iku ae wes kemringet."

"Arek-arek yo sik nyusu."

"Koen iki ancen angel dikandani kok. Yo gak popo masio sik nyusu."

"Gak oleh lek sename abot."

"Koen iki...lek aku sing penting seksi. Ngko lek bojomu ampek kecantol wedok liyo yo mbuh. Golek sing luwih seksi."

Paini ngaleh karo lambene sik komat-kamit. Narti nyawang tanggane iku ngganti metu saka omahe. Wis seminggu iki nang omahe Bu RT ono senam bareng. Senam sing dianakno seminggu ping telu iku rame dieloki wong-wong wedok enom lan tuwa. Ngunu uga Paini.

Wong wedok sing wis duwe anak loro iku, ora bedo adoh umure karo Narti, kaet wingi-wingi ngajaki Narti melu senam. Sing diajak dudu ora gelem, pingin sakjane, ning ora iso. Anake sik cilik-cilik, sik nyusu kabeh. Narti wedi lek melu senam ngko ganggu metune susu. Senam nang Bu RT jenise aerobik. Sak ngertine Narti senam oleh ae nggo wong nyusoni kaya dheweke ning sing ringan-ringan ae.

Jare Paini sih melu-melu ae, penting obah. Ora usah nganti mencolot-mencolot, penting melu kringeten. Narti sing kadang mangkel ndelok awake rasane yo kudu budal ning pisan maneh, bingung karo anak-anake. Ndemin 1 mesti melu, ora iso ditinggal. Ndemin 2 sing luwih cilik iso ae anteng melu bapake ning diluk-diluk goleki susune.

"Kate nang ndi Min?"

"Nontok cenam. Mak'e gak elu?"

Narti mrengut. Senam sing digagas Bu RT iku gratis. Guru sename koncone Bu RT dewe. Nek ono tarikan limang ewu seminggu iku ngunu mung dinggo celengan lek umpamane butuh opo-opo. Yo dinggo ewang-ewang, itung-itung melu urunan bayar listrik.

Narti mlebu nang kamar. Disawang awake nang ngarep koco. Sakjoke rabi nganti duwe anak loro ora tau maneh ngrasakno olah raga. Ben dina olah ragane yo umbah-umbah, masak, ngresiki omah, ngramut anak-anak karo bojone. Narti ndemok wetenge. Mari ngetokno anak loro wetenge wis ora kaya biyen maneh, masio asline awake yo ora melu mbedah nemen. Paling nambah limang kilo saka jaman sik perawan biyen.

"Mak, lapo mecucu ae?" takone Paijo.

Sing ditakoni ora nyauri malah selot maju lambene.

"Lah malah macak silite pitik. Opo'o?" takone Paijo maneh.

Durung disauri bojone, moro-moro anake nomer siji mlebu kamar.

"Pak, atu mau nontok cenam."

Ndemin 1 munggah nang duwur kasur, ngrangkul bapake sing lagek turu-turu.

"Gak melu sisan?"

"Gak, mung wedok-wedok thok. Mak'e Omin lek cenam lucu, megal-megol hihihii..."

"Wou...yo ngunu iku lek senam cek seger, sehat."

"Mak'e gak melu? Cek cegel, gak necuan."

"Mak'e sehat, seger yoan," saure Paijo.

Narti sing ngrungokno omongane bojo karo anake iku selot mecucu. Durung nganti ngomong pingin melu senam wis iso nebak jawabane bojone.

"Tapi kok necuan? Wong sehat gak necuan," omonge Ndemin 1.

"Mak'e necu lek koen nakal, gak manut karo mak. Lagian mak'e lho gak necuan, mak'e kan ancen seneng mecucu. Iku ngunu yo senam, senam lambe."

Ndemin 1 manthuk-manthuk. Arek cilik iku akhire jaluk kelon pak'e trus merem, turu. Narti sing mari nurokno Ndemin 2 melu ngletak.

"Pingin melu senam ta?" takone Paijo lirih, wedi lek anake tangi.

Narti meneng, ora nyauri. Nang njero ati wis mbedodok.

"Guduk gak oleh mak, lha iku sename lunjak-lunjak nemen ngunu. Tole sik cilik, ngko lek ganggu mimiki yok opo?"

"Aku pingin kuru," saure Narti.

"Malah koyok wong gak kopen ngko. Ngene lho wes apik, seksi malah. Kuru-kuru ngko gak enak ngge senden," omonge Paijo karo mesam-mesem.

"Padakno amben ae ngge senden," saure Narti mangkel.

"Ben dino yo ngurusi omah lak cilik dewe ngko awake. Ndemoken ta awakmu siset ngene, atos. Kuru ki gak seksi mak, koyok wong gak tau dipakani."

Narti sik mecucu. Wong wedok sing turu nyingkuri bojone iku sik durung lega atine masio wis ngakoni lek bener omonge bojone. Narti yo wedi lek nganti ganggu susune anake. Nukokno susu kaleng yo malah nambah perkoro ngko.

"Lek kuru gak enak dicakoti, balung thok," omonge Paijo karo geget-geget lengene Narti.

"Wes...wes, turu," omonge Narti.

Lek biasane senam mesti sore, khusus dina Minggu senam digawe isuk. Omahe Bu RT wis kebek uwang. Ora mung sing melu senam ning sing nonton yo ora kalah akeh. Arek-arek cilik sing libur sekolah melu emake. Arek enom-enoman lanang melu ngincengi arek-arek wedok sing wis siap atek klambi senam, masio sak onoke.

Narti kaya biasa umek karo anak-anake. Paijo sing masio dudu pegawe milih nang omah lek Minggu ngene. Biasane lek ora nandur-nandur yo mbenakno kolam, opo ae sing iso digarap nang omah. Ndemin 1 mari mangan mlayu nang omahe Bu RT, kate nonton wong senam.

"1...2..." suwarane guru senam semangat ngitungi.

Paini sing kaet njaluk klambi senam nang bojone ketok sumringah, semangat. Wong wedok sing teka telat mergo diriwuki Tomin sing nangis jaluk dolanan iku wis gembrodos kringete.

"Ayo ulangi, 1....2...3..."

"Aduh! Aduh...duh!"

Moro-moro Paini sing asik nirukno guru senam mbengok. Wong wedok iku ndemoki boyoke. Wong-wong sing senam langsung mandeg, nulungi. Wong-wong sing nonton rame, pingin ngerti. Tibake mergo telat Paini ora melu pemanasan. Saking semangate lek senam gerakane luwih-luwih garai wong wedok iku kecetit. Akhire Paini dibopong mulih karo mringis-mringis, nangis ngempet loro.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun