Sore jam 3 Ndemin 1 wis umek njaluk diadusi. Arek cilik iku wis ora kanten kate budal nang mushola. Paijo sing wis mulih melu ngumun ndelok anake sregep. Mari dikandani bojone wong lanang iku langsung manthuk-manthuk, paham. Wong kampung wis rame kaet wingi-wingi. Paijo sing lagek akeh penggawean lan wis paham ngunu-ngunu iku mung meneng ae, ora melu komen. Slama iki kampunge jarang dinggo ditiliki penggedhe. Kampunge mung kampung cilik, kampung pinggiran. Biyen ono sing kampanye nang kampunge ning mergo wong kampunge ora patio paham, dudu wong-wong sing pendidikane duwur, akeh sing ora nyoblos. Ora paham lan ora penting.
Jam 4 Ndemin 1 sing wis ganteng ora kenek dikandani maneh. Arek cilik iku njaluk budal nang mushola. Ora ngurus raine sing sik merok-merok, arek iku ora gelem dibenakno karo mak'e.
"Caiki ae, ngko telat!" bengoke.
"Jarno ae mak, paling arek-arek liyane yo wes budal," omonge Paijo.
"Susune digowo," omonge Narti nang anake.
"Gak ucah, nang kono akeh jajan nto."
"Halah, biasa yo gak seneng ae. Digowo thok ae, mak'e gak melu ngko gak iso ngeterno."
"Gak, ceneng nto. Jajane enak-enak, oleh cucu yoan."
Narti ora ngrungokno anake, dijupuk susune anake sing wis disiapno nang pawon mau. Wong wedok iku wis paham modele anake. Anake iku angel mangan lan mesti goleki susune.
"Atu budal kalo Omin," bengoke Ndemin karo mlayu metu.
Paijo mung mesem ndelok polahe anake. Narti sing mbalik nang kamar tengah aro nggowo botol susu bingung ngoleki anake.