Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Nggomblohi

22 Juli 2011   02:38 Diperbarui: 26 Juni 2015   03:29 470
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1311302102725564916

[caption id="attachment_120584" align="aligncenter" width="200" caption="contoh dukun sing nggomblohi *miber banter wedi dibacok*"][/caption]

Jam sik nunjuk ongko pitu luweh seprapat tapi srengene Suroboyo wes ngejak gelut, panas jaya. Paiman, tukang becak sing biasa mangkal nang ngarep gang kaet ae tangi. Mari adus nang kali de'e budal nyangkruk nang warung kopi. Lagi enak-enak nyruput kopine moro-moro Ndemin koncone cilik plus tonggone sing nasibe luweh apik mecungul trus langsung lungguh nang sanding Paiman. Raine Ndemin ditekuk, lungset, koyok klambi sing mari dikucek.  Ndelok koncone sing biasa sumringah lan pongah ketok ruwet, Paiman langsung nyocot.

Paiman            : Lapo kon? Mari dikabruk bojomu ta?

Ndemin           : Ndasmu iku! Aku iki lagi mangkel kok.

Paiman            : Mangkel lapo? Sik isuk, mbok yo sing semangat. Jare wong sugeh, sik sempat ta duwe masalah?

Ndemin           : Gak sih, mung rodo gak tepak ae. Aku lak pingin setor duwit nang bank tapi montorku lagi ngalem, mbuh lapo.

Paiman            : Bank opo sih? Iku lak onok nang gang telu, sebelah. Garek ngesot ae.

Ndemin           : Yo bank iku tapi gak iso nang kono, kudu nang pusat sing nang cedeke Balai Kota.

Paiman            : Lha lapo? Jare kate setor, lak iso nang cabang ndi ae.

Ndemin           : Gang sebelah iku mung KCP, cabang, ga iso. Aku kate nglebokno duwit bathi dodolan minggu iki, nabung.

Paiman             : Lha iyo, lek mung kate nabung nang cabang ae yo iso. Gak kudu nang pusat. Enak kok digawe soro.

Ndemin           : KCP iku mung nggo pembantu, guduk nggo eksekutip koyok aku iki.

Paiman            : Eksekutip jare, koyok sepur ae. Lagian jare sopo KCP mung gawe pembantu?

Ndemin           : Gak tau sekolah arek iki. KCP iku lak singkatane Kantor Cabang Pembantu. Lha aku iki bisnismen, pengusaha.

Paiman           : Woo, sugeh ning goblok kon iku! Cabang pembantu iku maksude sing ngewangi, guduk nggo pembantu thok. Kabeh kastomere yo oleh setor nang kono.

Wong-wong sing onok nang warung, sing mau mung meneng ae akhire ngguyu cekakaan. Ndemin sing sugeh rumongso terhina, maleh mangkel. Gak pingin harga dirine ceblok de'e mbales Paiman.

Ndemin           : Gobloko sing penting sugeh! Timbang kon, sok pinter ning mung ngongkel ae pengaweane, mbecak!

Paiman           : *Gak gelem kalah, melu emosi* Sugeh ning nggomblohi yo nggo opo? Paling-paling ngko nggo apus-apusan wong-wong. Masio mbecak penting ati ayem.

Ndemin           : Ayem opo? Nyatane bojomu yo gak betah, ditinggal minggat karo lanangan liyo ngunu.

Paiman            : *Selot mangkel* Halah, sugeh goblok yo gak onok sing gelem. Bojomu iku kepekso karo kon. Lek gak biyen kon nyogok bapake gawe wedhus yo gak bakal dirabekno kon. Eksekutip? Juragan pentol korek ae kakean cangkem!

Ndemin           : Ngoco! Deloken iku raimu. Bojo gak gablek, bondo opo maneh. Ben dino mung mlungker nang becak, adus ngeseng nang kali. Iku panumu ting tlenyek nang gegermu!

Paiman                        : Gak penting! Ngene-ngene aku sik akeh sing gelem. Mari iki Sri bakal nyesel wes ninggal aku!

Ndemin           : Sopo sing gelem karo tukang becak gak jelas sing wes ambu lemah koyok kon? Omong seng! Gak bakal onok wong wedok sing gelem mbok rabi!

Paiman            : Dirabi mungkin gak gelem tapi gelem ditengi!

Ndemin           : Hahaha. Omong kawul! Mosok onok wong wedok gelem ditengi tapi gak dirabi?

Paiman            : Onok. Buktine anakmu yo gelem.

Ndemin           : *Kaget, langsung mecotot matane* Asyu! Dadi kon sing ngetengi anakku? Ngejak carok kon?

Paiman            : Kon wani nyarok aku, anakmu bakal meteng nganggur, gak onok sing gelem ngrabi!

Ndemin           : Jancuk kon! Gak sudi aku duwe mantu kon! Demi wong gondrong sing onok nang langit lan bumi, tak haramno kon dadi mantuku!

Paiman             : Baguslah! Aku yo gak sudi duwe mertuo koyok kon!

Akhire wong lanang loro sing wes mambu lemah iku gelut. Wong-wong nang warung bukane misah malah keplok-keplok.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun