Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Manusia Setengah Kingkong

20 Juli 2011   04:43 Diperbarui: 26 Juni 2015   03:32 508
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Kisah iki kedadean sewu limang atus taun biyen, jaman kolo bendu, jaman sepur sik soko lempung, jaman sing wuluen lagi kondang-kondange. Kisah cinta antara menungso setengah kingkong karo wedhus setengah asyu. Roro Asyu karo Den Bagus Kingkong sing ketemu gak sengojo pas lagi nontok tandak bedes awale biasa ae. Baru pas pertemuan sing kepindo mulai onok roso-roso. Pas iku Roro Asyu sing lagi mlaku-mlaku nang alas gak sengojo ketemu maneh karo Den Bagus Kingkong sing lagi gelantungan nang uwit sawo. Awale mung plerok-plerokan, jenggong-jenggongan suwe-suwe kok kroso onok sing ilang lek gak krungu suarane, ndelok raine.

Roro Asyu duwe papah sing sekti mondroguna. Dukun sing paling diwedeni sak alas, gak mergo sektine thok tapi mergo rupane sing ancen medeni, Dukun Brambank jenenge. Gak onok sing wani ndelok langsung motone. Jare wong-wong sih bakal kesedot sukmane. Bedo karo wong sekti sing biasane motone abang, Dukun Brambank iki motone ijo, opo maneh lek ndelok kewan rodo manis sithik, mesti motone selot ijo trus ngiler. Sempat dadi desas-desus sak warga alas secara Roro Asyu ayune gak jamak, bedo adoh soko papahe sing luweh pantes dadi garangan timbang menungso.

Dukun Brambank sing jare dudo kaet Roro Asyu bayi sayang banget nang anak wedoke iku. Gak kaget lek saking sayange Dukun Brambank gak rela lek anake iku cedek karo Den Bagus Kingkong. Alasane sih mergo gak sak level. Roro Asyu masio papahe elek ngunu asline sik keturunane rojo. Lha, Den Bagus Kingkong iku mung arek lanang sing gak duwe wong tuwo. De'e biyen netes soko boto. Akhire arek enom loro iku kudu pinter-pinter ndelek cek gak ketemon Dukun Brambank. Kisah iki bakal dipisah nang beberapa adegan cek enak mocoe. Kisah cinta tanpa restu wong tuwo sing sampek jaman saiki yo sik akeh ceritane.

ADEGAN GENDAKAN

Panggon          : Pinggir sawah sing onok kaline

Wektu             : Isuk lek melu jaman saiki yo sekitar jam 7an

Posisi               : Arek loro lungguh nang galengan karo dolenan banyu

Roro Asyu                   : Kingkong... *nyeluk gawe nada manja*

Den Bagus Kingkong : Opo? *nyauri karo mesam-mesem*

Roro Asyu                   : Gak popo, pingin nyeluk ae *isin*

Den Bagus Kingkong : Wooo, tiwas aku sisiran.

Roro Asyu                   : Halah... *raine abang trus nyipratno banyu kali nang raine Kingkong*

Den Bagus Kingkong : Hehehe. Asyu...*ganti nyeluk*

Roro Asyu                   : Opo? *mesam-mesem*

Den Bagus Kingkong : Gak. Pingin nyeluk thok yoan.

Roro Asyu                   : Wooo, tiwas aku nang salon.

Den Bagus Kingkong : Hahaha, mbales. Ih, gemesno, pingin nyiwit.

Roro Asyu                   : Ih, nyiwitan. Koyok banci.

Den Bagus Kingkong : Banci yok opo, wong ganteng ngene.

Roro Asyu                   : Ganteng gak patio tapi wuluen iyo.

Den Bagus Kingkong : Justru iku sing ngangeni, lagian iso nggo jambak-jambakan. Senenganmu kan?

Roro Asyu                   : Hehehe. Iyo *nyiprati banyu nang Kingkong maneh*

Adegan selanjute arek loro iku ciprat-cipratan banyu kali sampek kembloh rai sak klambine. Gak cukup mung dolenan banyu, rodo kegowo gemes akhire maleh jambak-jambakan.

ADEGAN MBUJUKI PAPAH

Panggon          : Omahe Roro Asyu

Wektu             : Mari magrib

Posisi               : Dukun Brambank lagi semedi nang kamare

Roro Asyu sing wes janjian karo Den Bagus Kingkong lagi bingung yok opo carane cek iso metu pacaran. Papahe sik ndekem nang kamare, semedi. Sakjane iso ae Roro Asyu mlayu tapi tetep ae bakal konangan, secara papahe sekti. Akhire Roro Asyu nyiapno strategi nggo ngrayu plus mbujuki papahe.

Roro Asyu                   : Pah *nyedeki papahe sing lagi konsentrasi topo*

Dukun Brambank        : Hmm *karo merem*

Roro Asyu                   : Aku kate metu. Srini nglairno, aku pingin ndelok anake.

Dukun Brambank        : Wes bengi, sesuk ae *gak melek*

Roro Asyu                   : Lha arek-arek podo budal saiki, Pah. Sediluk ae yo?

Dukun Bambank         : Yo sik nunggu aku, mari ngene.

Roro Asyu                   : Gak sido wes. Sesuk ae. Emmm, Pah...

Dukun Brambank        : Opo?

Roro Asyu                   : Aku tak makan tole yo? Kaet mau ngembek ae, ketoke luwe.

Dukun Brambank        : Gak usah, wes yahmene ngko garai lemu.

Roro Asyu                   : Lah, lak apik sih lemu?

Dukun Brambank        : Gak apik lek kelemon, obesitas. Jare doktere wingi kon diet.

Roro Asyu                   : Mosok wedhus ae katek diet *mikir maneh, golek alasan* Pah...

Dukun Brambank        : Opo maneh?

Roro Asyu                   : Aku kate nang kali, mules wetengku.

Dukun Brambank        : Gak usah nang kali, wes peteng akeh ulo.

Roro Asyu                   : Lha trus? Kudu ngeseng iki, gak iso diempet.

Dukun Brambank        : Nang pawon ae, adahi kresek. Sesuk diguwak.

Roro Asyu                   : Wegah, njijiki.

Dukun Brambank        : Gak popo, timbang dicokot ulo kon ngko.

Roro Asyu                   : Halah Pah..pah, sampeyan iki mesti *mrengut*

Gak oleh alasan nggo mbujuki papahe Roro Asyu mangkel. Den Bagus Kingkong sing kaet mau wes ngenteni nang enggok-enggokan kesel lek ngaploki awake sing panas kabeh dicokot nyamuk. Akhir, gak pinging awe yayange kesuwen ngenteni Roro Asyu sing wes metu soko kamare papahe mlebu maneh. Sikile mindip-mindip, cek gak krungu papahe. Gawe kekuatan kingkong ungkal nang tangane sik lek jupuk soko pawon diantemno nang gundule papahe. Dukun Brambank sing gak sadar lek bakal oleh serangan mendadak langsung semaput.

ADEGAN KASUR

Panggon          : Kasure Den Bagus Kingkong

Wektu             : Bengi, jam 9an

Posisi               : Arek loro nang duwur kasur

Roro Asyu sing berhasil gawe semaput papahe langsung marani Den Bagus Kingkong. Begitu ketemu langsung diajak nang omahe.

Den Bagus Kingkong : Loh, gak oleh nang duwur ngunu iku

Roro Asyu                   : Bahno! Kesel yo, skali-kali aku sing numpak

Den Bagus Kingkong : Lah, gak oleh wong ayu. Ayo mudun...

Roro Asyu                   : Wegah, pokoke aku numpak jaran

Den Bagus Kingkong : Pangeran iku gak oleh numpak jaran, mlaku dewe. Jarane yo mlaku dewe

Roro Asyu                   : Jare sopo? Nang tipi-tipi kae pangeran podo numpak jaran kok. Lagian duwe jaran kok dinengno, rugi.

Den Bagus Kingkong : Lah, iki ancen ngene aturane. Gak oleh sak karepe dewe. Ayo gek ndnag mudun.

Roro Asyu                   : Emoh! Lek gak oleh aku emoh maen maneh *mecucu*

Den Bagus Kingkong : Yo wes sak karepmu. Kate numpak jaran, numpang prajurit yo gak popo. Ndang mlaku saiki.

Roro Asyu                   : *Mlakokno pangeran sing numpak jaran pirang bidak, nyedeki rojone Kingkong*

Den Bagus Kingkong : Lha kok mlakune gak karuan? Lurus...lurus, miring...miring, gak oleh zig-zag ngunu iku

Roro Asyu                   : Wong dalane rusak kok, nggronjal. Aku milih dalan sing alus, cek ndang nyampek.

Den Bagus Kingkong : Woalah yo..yo, ki sakjane maen catur opo opo? Wes gak usah dipateni, tak bunuh diri ae rojoku.

Roro Asyu                   : Nesu? Yo wes gak usah maen *selot mecucu*

Den Bagus Kingkong : Gak nesu kok, sumpah. Maksude timbang thok pateni ngko garai duso mending aku tak bunuh diri. Lagian lek kon mateni aku ngko dicekel pulisi.

Roro Asyu                   : Mbelgedes! Wong iki mung dolenan, mbujuk thok.

Den Bagus Kingkong : Hehehe iyo sih.

Roro Asyu                   : Nakal. Cakot pisan ngko!

Den Bagus Kingkong : Hooh wes, cakoten *ngewehno lengene*

ADEGAN DUEL

Panggon          : Omahe Den Bagus Kingkong

Wektu             : Tengah wengi

Posisi               : Roro Asyu karo den Bagus Kingkong lagi asik dolenan nang kamar moro-moor papahe, Dukun Brambank teko karo gowo pacul

Sadar anake ilang, Dukun Brambank sing tas tangi soko semaput langsung miber nang omahe Den Bagus Kingkong.

Dukun Brambank        : Woi, menungso kingkong, balekno anakku! Metuo kon lek wani, ojo ndekem nang kamar. Adepi aku, dukun sing paling sekti lan medeni sak alas, Dukun Brambank!

Roro Asyu                   : Kong, suarane papah. Yok opo iki?

Den Bagus Kingkong : Tenang Syu, wes wayahe ancene. Aku kudu ngadepi papahmu. Aku gak iso terus mlayu.

Roro Asyu                   : Ati-ati, papah lek ngamuk nggilani.

Den Bagus Kingkong : Hooh, kon nang kene ae. Ojo metu.

Dukun Brambank        : Heh, arek sedeng, ayo metu!

Den Bagus Kingkong : Pah, sabar, pun ngamuk-ngamuk. Yok nopo lek rembugan disik?

Dukun Brambank        : Gak iso! Kon ditokno kok selot nglunjak, saiki malah wani-wanine gowo mlayu anakku, jaluk digibeng kon!

Den Bagus Kingkong : Kulo niki kadung sayang kalian Roro Asyu. Papah sampun tuwek, mungkin gak suwe maneh nggih pun dipendet sing kuoso, nopo mboten mesakno Roro Asyu lek sampek dewean?

Dukun Brambank        : Raimu koyok kingkong! Ojo kiwir-kiwir lambemu! Adepi aku, Dukun sekti sing gak onok tandingane iki!

Den Bagus Kingkong : Lek masalah sekti kulo akoni jenengan luweh sekti, kulo mesti kalahe tapi mbok nggih dipikir maneh. Roro Asyu pun gede, pun wayahe pisah kaleh papahe. Kulo janji bakal njogo Roro Asyu...

Dukun Brambank        : Gak iso! Kaet cilik tak gedekno kok wes gede kate thok pek. Langkahono mayetku disik!

Roro Asyu                   : Papah! Roro Asyu sayang papah tapi Roro sayang Kingkong yoan. Ojo gelut, timbang podo paten-patenan mending aku bunuh diri, njegur sumur *metu soko kamar karo nangis*

Dukun Brambank        : *Ndelok anake nangis maleh gak tego, pacule diselehno* Gak kok wong ayu, papah mau kate macul trus mampir rene. Yo wes, papah ngalah. Papah ki mung gak pingin kon loro, wong lanang saiki podo bajingan.

Den Bagus Kingkong : Kulo mboten bakal nyakiti Roro Asyu, Pah. Sumpah disamber bencong limolas, lek kulo sampek nglarani Roro Asyu.

Dukun Brambank        : Tak cekel omonganmu. Sampek kon gawe nangis anakku, tak kutuk kon dadi boto selawase.

Den Bagus Kingkong : Kulo janji, Pah.

*Wes ah, kesel. Gak iso nerusno J

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun