"Yo senenglah. Mosok anake lulus, nilaine apik dewe gak seneng? Ancen anake bapak iki paling pinter kok," Jare sarip karo ngguyu.
Eni mesem. Kesel mlayu lan kepanasen raine maleh ketok abang ireng. Ngatirah mesem sediluk trus ngadek, ngaleh. Wong wedok iku nyedeki pawonane sing meh mati genine.
"Wes adike disusul kono. Dijak dolenan disik, sakno kaet mau dolenan dewe nang omahe Likmu," omonge sarip.
"Ganti disik iku sragame. Ngko lek wes mateng segone tak celuk," tambahe Ngatirah.
"Siap Bos! Ojo lali lho Pak, jam siji Pak Hadi kate mrene."
"Iyo...iyo."
"Aku iso sekolah! Aku iso sekolah!" karo mlebu kamar Eni nyanyi-nyanyi.
Nang ngarep pawonan motone Ngatirah kroso panas. Dodone mbedodok tapi wong wedok iku meneng ae. Sarip sing sik lungguh nang lincak yo gak bedo adoh. Awake sing kroso kesel selot abot. Meh onok sepuluh menit lanang wedok iku meneng-menengan. Eni metu ko kamar trus pamit nang bapak karo emake, kate nyusul adike. Mari anake wedok metu Ngatirah mulai ngomong.
"Sampeyan iku yo njanjeni sing gak-gak, Mas. Ngene iki trus yok opo? Tiwas areke marem, lak sakno."
"Gak-gak yok opo maksudmu?"
"Lha wingi iko opo sing mbok janjekno nang Eni? Sampeyan lak ngomong lek nilaine apik dewe bakal sampeyan sekolahno nang SMP. Lha lek wes koyo ngene, yok opo?"