[caption id="attachment_116539" align="aligncenter" width="300" caption="gambar dijupuk ko google, nyilih"][/caption]
Sarip mudukno bangkelan gede soko boncengan mburi sepedae. Sepedae sing wes gak iso dijagang iku disendekno nang tembok omah. Bangkelan gede sing tas didukno mau diangkat nang pundake trus digowo mlebu, dikumpulno karo barang rongsok liyane.
"Wes muleh, Mas?" sopo bojone, Ngatirah.
"Iyo," saure Sarip karo ndekekno bokonge nang lincak.
Ndelok bojone kemringet Ngatirah langsung nyandak ceret nang duwur mejo trus digowo nang ngarep bojone.
"Ngombe sik."
"Suwun, Dek."
Ngatirah nyawangi wong lanang sing dirabi meh limolas taun iku. Raine ketok kumus-kumus. Kulite selot ireng. Motone cekung tapi otote pating pecotot, ketok lek sering nggo kerjo. Gak onok sing bedo soko Sarip, bojone iku, trutama roso nang atine. Urip sing gak tambah enak tapi selot rekoso gak ngurangi roso sayang Ngatirah nang bojone.
"Mas, mau Bu Retno rene."
Sarip nyawang bojone sediluk terus, "Wes telat pirang suwe?"
"Telung sasi. Jare lek gak ndang dibayar minggu ngarep awake dewe kudu pindah."