Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Paimo Paimin Edisi Pertemuan

25 Mei 2011   13:32 Diperbarui: 26 Juni 2015   05:15 373
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Mangkel gak onok sing gelem ngrungokno pas ngajar nang Balai Dukuh, Slamet alias malihane Maman kepekso golek panggonan liyo. Mari Shubuh arek sing bathuke sik panas alias penceng iku budal nang Kali Mili, adus. Mari adus balik nang omah maneh trus macak. Emake sing wes gak ngerti kudu yok opo maneh kanggo ngadepi Maman mung meneng ae. Penting gak nyathek wong, batine emake. Nang jero kamar Maman siap-siap malih rupo lewat dandanan. Jas'e bapake sing mau bengi wes dilempit trus ditelehno nang ngisor bantal, cek alus koyok disetriko dijupuk trus digawe. Kopyahe gak lali, langsung dipasang. Gak let suwe arek lanang iku mesam-mesem. Manis, jarene dewe.

Maman            : Mak, aku budal disik *ngambung tangane emake*

Emak               : Iyo, ati-ati. Ojo nyathek wong lho yo.

Maman           : Emak iso ae. Tugas, Mak, nggo negoro iki *mesam-mesem*

Emak              : *Males debat* Yo tapi sarungan disik, mosok polosan ngunu ngisore. Ngko wedi kabeh sing diajar.

Maman           : *Mesam-mesem, isin* Oh iyo, lali aku.

Sakwise gawe sarung Maman pamit budal maneh nang emake.

Maman            : Dungakno Slamet yo Mak *trus dadadada nang emake*

Emak               : Slamet dunyo akhirat Le.

Pasar wes rame, wong-wong sliweran golek butuhe. Maman alias Slamet siap-siap. Motone clingukan, lirak-lirik koyok kate nyolong jemuran. Kudu golek sing rame, batine. Akhire de'e milih ngadek nang sandinge bakul jamu.

Slamet              : Bapak-bapak, Ibu-ibu, Mas, Mbak dan adik-adik semuanya, perkenankanlah saya, Slamet memberi sepatah dua patah kata yang mungkin bisa direnungkan bersama.

Ndelok onok arek lanang macak klimis karo bengok-bengok, wong-wong sing mau rame langsung meneng. Kabeh podo noleh nang Slamet.

Slamet              : Goethe pernah berkata, orang yang tidak dapat mengambil pelajaran dari masa tiga ribu tahun, hidup tanpa memanfaatkan akalnya. Sungguh satu perkataan yang patut kita pikirkan, kita jadikan cermin untuk kita menilai diri kita sendiri. Sudahkah kita mengambil pelajaran? Sudahkah kita manfaatkan akal kita?

Wong I             : Lha sopo arek iku? Pegawai KUA nyar ta?

Wong II           : Guduk, iku Maman.

Wong III          : Maman anake jenate Tomin?

Wong II           : Hooh, sing kencrit mergo ditinggal bunuh diri wedhuse iko lho.

Wong I            : Lha dalah, iku penceng ta?

Wong II           : Iyo. Sakno emake, wes gak sanggup ngadepi maneh.

Wong III          : Eman yo, arek bagus ngunu lha kok edan.

Slamet selot semangat lek pidato. Saking semangate gak kroso kopyahe sampek miring. Wong-wong selot akeh sing ngubengi Slamet, gak mergo ngerti utowo pingin ngerti opo sing diomongno tapi mergo penasaran karo arek sing sering gawe Dukuh Penceng heboh.

Slamet                   : Aku berpikir maka aku ada, kata seorang Descartes....

Paimin              : *Moro-moro mecungul trus ngomong banter* Halah, kon mikir tapi malah stres, edan! Mending gak mikir, gak onok.

Bakul Jamu       : Buyar! Buyar! Opo-opoan iki, hayo ojo dirungokno. Omongane wong stres kok dirungokno, melu edan sampeyan ngko!

Bakul jamu sing gak trimo pelanggane ilang goro-goro ndelok Maman langsung mbuyarno wong-wong. Paimin sing yo gak seneng pisan melu-melu. Maman sing mau semangat mergo ditinggal wong-wong akhire melu males. Atine mbedodok, mangkel tapi yok opo maneh. Arek lanang iku milih ngaleh, golek nggon liyo. Kringet ndrodos. Karo mlaku motone clingukan, golek nggon sing tepak. Gak let suwe de'e nemu panggonan sing sip, cocok.

Slamet              : Gelijk de grote oceaan doordrongen is van het zout, zo is mijn leer doordrenkt van de geest der bevrijding, Kulla Vagga....

Mbekkkk!

Rumongso oleh tanggepan, Slamet selot semangat. Kabeh sing nang uteke ditokno. Gak lali cek sing ngrunggokno betah, seneng, lambene dimanis-manisno alias mesam-mesem.  Ben onok sing mberok de'e langsung dadadada. Lagi enak-enake pidato moro-moro soko arah ngarep onok sing mberok banter. Durung sempat ndelok sopo sing mberok, Slamet meh njengkang, kesruduk.

Slamet              : Adoh!

Durung mari lek kaget Slamet alias Maman penceng dikagetno karo wedhus sing tas nyruduk de'e.

Maman             : Carolina?

Carolina           : Guk! Guk! (artine: Mas Maman! Mas Maman!)

Maman            : Nang ndi ae kon? Tak pikir kon wes mati. Carol!

Wedhus sing nyruduk Maman ternyata Carolina. Saking kangene wedhus wedok karo arek lanang iku rangkul-rangkulan. Carolina mbrebes mili, Maman sisan. Wedhus wedoke iku diambungi, gak peduli karo wedhus-wedhus liyo sing podo ngowoh, bingung.

Carolina           : Guk! Guk! (artine: Mas Maman, aku kangen)

Maman            : Aku iyo. Sik ta lha, kon kok nyenggong sih? Sejak kapan wedhus jenggong?

Carolina           : Guk! Guguk! (artine: aku saiki asyu, dudu wedhus)

Maman            : Asyu yok opo, wong awakmu sik jenggoten ngene?

Carolina           : Gugukguk! Guk! (artine: bahno, pokoke aku saiki dudu wedhus. aku asyu)

Maman           : Yo wes, sak karepmu. Kon nang ndi ae? Kon gak ngerti aku ngenteni kon ben dino. Tak pikir aku gak bakal ketemu kon maneh.

Carolina           : Guk! Guk! (artine: sampeyan koyok mantri sunat)

Maman            : Kon koyok prenjak, cerewet tapi nggangeni *mesem*

Carolina           : Guk! Gukguk! (artine: kon koyok panu, nggatelno) *mrengut*

Maman            : Hehehe. Kon koyok Sehreni!

Carolina           : Guk? (artine: sopo iku?)

Maman             : Artis, ayu.

Carolina           : Guk! Gukguk! (artine: mbencekno, mentolo tak cakot)

Maman nyewehno lengene. Awale Carolina meneng ae tapi gak kuat ngempet gemes, mangkel akhire lengene Maman dicakot sak kuat-kuate. Bukane ngaduh, kelaran, Maman malah ngguyu-ngguyu. Ndelok Maman karo Carolina wedhus-wedhus sing mau mung ngowoh langsung keplok-keplok. Gak pingin dadi tontonan terus Maman ngajak Carolina muleh. Wedhus wedok iku digendong. Tangane Carolina, sikil ngarep maksude, dikalungno nang gulune Maman. Maman sing sik kangen gak leren-leren lek ngambungi wedhuse iku.

Dodone Carolina mbesesek. Gak ngiro lek bakal iso ketemu Maman maneh. Nang njero atine de'e ngucapno syukur nang sing kuoso. Gak mung iku pikiran-pikiran nang njero ndase yo mulai metu. Pikiran-pikiran sing umpamane diterjemahno koyok ngene unine:

Carolina           : Saiki aku sadar, aku ngrasakno dewe, gak onok kedadean nang uripku iki sing gak tepak. Mungkin gak apik tapi gak onok sing bakal tak getuni. Umpomo aku dikei kesempatan ngatur uripku, nglakoni uripku pisan maneh, aku yakin gak onok sing kate tak rubah. Uripku mungkin gak dowo tapi iki wes cukup. Awake dewe ditemokno nang pasar kewan, saiki aweke dewe bakal pisah yo nang nggon sing podo. Waktuku gak suwe Mas tapi aku seneng sik dikei kesempatan ketemu sampeyan pisan maneh. Suwun, Mas. Sepurane aku gak iso luweh suwe maneh nang kene...

Tangane Carolina sing mau ngrangkul kuat nang gulune Maman selot lemes. Soko irunge Carolina metu getih seger. Gak suwe, ndase sing mau senden nang pundake Maman mrosot. Motone nutup tapi soko pinggire netes luh, mbrebes.

***

Kukut, sing nulis kate nang Londo, macul. Suwun kanggo kabeh sing wes ngikuti serial Paimo Paimin, muahhh (mumpung lagi murahan, ambungi siji-siji) :)

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun