Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Paimo Paimin Edisi Mercon Bumbung

27 April 2011   08:14 Diperbarui: 26 Juni 2015   06:20 449
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Dukuh Penceng wes sepi. Howo bengi sing lagi adem garai wong-wong males metu. Arek-arek cilik podo kruntelan. Onok sing ndusel nang dodone emake, jaluk kelon. Onok sing mung iso mlungker nang njero sarung polahe bapake gak gelem ngalah. Langgar sing mau rame wong sholat Isya' mulai sepi. Mung arek enom-enoman siji loro sing sik kethok lungguh-lungguh karo ngobrol.

Paimin                  : Lapo ngene ki enake? Mosok yah mene kate turu?

Paimo                   : Iyo. Sik jam pituan iki paling. Aku yo males muleh tapi lek meneng ae nang kene yo adem.

Ndemin                : Dolenan ta?

Paimin                  : Lha mbok pikir arek cilik a thok jak dolenan?

Paimo                   : Pokok gak thok jak delikan ae utowo gobak sodor yo gak popo.

Ndemin                : Berarti lek bentengan gelem?

Paimo Paimin     : Ndasmu!

Ndemin                 : *cengenggesan* Tenang, aku ki yo wes dewasa. Aku duwe dolenan sing sip, cocok nggo howo adem ngene ki.

Paimin                  : Omben ta? Males a! Sing wingi kae ae durung mari lek ngomeli emakku.

Paimo                   : Iyo. Aku yo leren disik.

Arek lanang telu iku sik umek ae, bingung kate lapo cek gak bosen. Kate main remi, kertune kapanane dibong karo emakke Paimin. Kate nekeran yo wes gak pantes, lagian bengi-bengi yo gak ketok. Lagi asik petung moro-moro Mbah Yai mecungul.

Mbah Yai             : Iki mari solat bukane ngaji malah nggedabus nang kene. Kono moco-moco nang njero.

Paimin                  : Anu..Mbah, katene muleh. Wes dienteni emak dikongkon mijeti.

Paimo                   : Mau bapak kondo jare aku kon ndang muleh. Kon ngancani adek sinau.

Mbah Yai             : Kon? *nyawang Ndemin*

Ndemin                                : Aku yo kon muleh mari solat, Mbah Yai. Emak gak wani dewean nang omah. Bapak lagi nang kutho.

Mbah Yai             : Lak mesti onok ae alasane. Wong tuwek dibujuki. Wes tuwuk aku. Lek gak gelem ngaji yo ndang muleh kono, awas lek ngrameni utowo ngregeti langgar.

Wedi lek dipekso melu ngaji karo Mbah Yai arek telu iku siap-siap ngaleh. Paimo nyopot sarunge trus dicantelno nang gulune. Ndemin sing kademen gawe sarunge koyok ninja, diubetno nang ndase.  Paimin ketok umek, bingung goleki sandale.

Paimin                  : Cik! Sandalku kok gak onok?

Ndemin                : Mlayu mrono paling *nunjuk arah rodo adoh*

Paimin                  : Matamu a! Sejak kapan sandal iso playon dewe?

Paimo                   : Ojok-ojok disingitno arek-arek cilik mau. Aku mau krungu podo klesikan.

Paimin                  : Woo, asyu! Sampek ketemon tak gibeng arek-arek iku!

Mbah Yai             : Lapo iki sik umek nang kene ae?

Gak nemu sandale masio mangkel Paimin ngajak Paimo karo Ndemin ngaleh. Nang dalan de'e terus misuh-misuh. Nang prapatan cedek Jembatan Kali Mili arek telu iku mandek, rembukan maneh. Gak suwe Ndemin pamit muleh. Paimin karo Paimo ngenteni karo nyangkruk nang jembatan. Howo selot adem. Paimo ngetokno rokoke.

Paimin                  : Njaluk siji!

Paimo                   : Jare wes gak rokokan?

Paimin                  : Gak lek tuku dewe. Lek onok jalukan yo tetep ngrokok.

Paimo                   : *mbatin: kere!*

Paimin                  : *mulai kemedul, nyedot rokok* Cek suwene Ndemin iki. Omahe lak kunu ae.

Paimo                   : Paling ketemon bapake.

Paimin                  : Jare pak'e lagi nang kutho?

Paimo                   : Nang kutho opo, aku lho mau budal nang langgar petukan.

Paimin                  : Woo...wani mbujuki Mbah Yai arek iku.

Paimo                   : Lha kon dewe gak mbujuk ta, boi?

Paimin                  : Yo iyo tapi lek aku kan wes biasa.

Akhire sing dienteni teko. Ndemin ketok kabotan nggowo barang lumayan gede lan dowo. Paimin karo Paimo langsung mesam-mesem, seneng. Gak suwe arek lanang telu iku langsung nyiapno dolenan sing digowo Ndemin sing gak liyo yoiku mercon bumbung.

Ndemin                 : Wes, nang kene ae. Iki mau wes tak siapno ket isuk. Iso langsung dijajal.

Paimin                  : Jan suip iki! Dijajal nang sopo iki enake?

Paimo                   : Kok nang sopo?

Ndemin                : Iyo, kok nang sopo? Emange kate bom-boman ta?

Paimin                  : Congok kabeh! Lek mung diunekno thok yo ga asik, mbrebeki thok. Cek tepak iku diarahno nang sopo, dinggo ngaget-ngageti.

Ndemin                 : Oo ngono ta. Seru ketoke.

Paimo                   : Tapi kate ngageti sopo? Iki lho wes sepi, gak onok wong lewat.

Lagi bingung golek sasaran moro-moro ko arah lor jembatan muncul bayangan. Arek telu iku langsung mesam-mesem, sepakat. Gak pingin ketemon, arek telu iku langsung ndelik karo nyiapno amunisi. Bayangan sing mau adoh selot cedek. Arek telu iku ngempet ambegan, ndredek. Bayangan sing ternyata wong wedok iku trus mudun nang kali. Gak let suwe de'e ketok jongkok nang pinggire watu.

Paimin                  : Wes siap durung? Wayahe mbales iki.

Ndemin                : *mantuk*

Dhorrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrr!

Wong wedok sing gak liyo Lik Tukirah iku, sing lagi enak-enak nglamun karo ngeden, kate ngeseng, saking kagete sampek njumbul trus keceplung kali. Rondo iku langsung misuh-misuh.

Lik Tukirah                           : Jancukkkkkkkkkkkkkkkkkk! Matane suwek, raine amblek, dengkule mlocot, ndase gundal-gandul, batuke njepat! Asyu!

Paimo, Paimin, Ndemin : hahahahaaha!

Lik Tukirah                           : Wooo...ancene iblis kabeh! Reneo lek wani tak saduki siji-siji!

Paimo, Paimin, Ndemin : *Langsung ngringkesi mercon bumbunge trus mlayu banter karo ngguyu-ngguyu*

Lik Tukirah                           : Matane suwek! Asyu kabeh!

Durung puas mari ngerjai Lik Tukirah, arek telu iku golek sasaran liyo.

Paimo                   : Gak popo ta boi, gak main-main lho iki?

Paimin                  : Halah wong mung ngunu ae. Gak-gak lek mati, paling kaget thok.

Ndemin                : Ngko kene kualat?

Paimin                  : Lek iku yo wes kaet biyen. Kon lho gak tau gelem lek kon ngaji, mesti mlayu. Mbujuk maneh. Wes ta lah, pisan ae. Kon gak pingin mbales ta? Biyen lak de'e senengane nylentiki kupinge awake dewe lek telat ngaji.

Ndemin                : Iyo sih. Yo wes, budal!

Arek telu sing keblinger polahe kasil ngerjai Lik Tukirah iku ganti sasaran. Mbah Yai sing lagi ngaji nang njero langgar saiki sing katene didadekno korban.

Paimo                   : Cek suwene?

Paimin                  : Iyo iki, kok gak muni?

Ndemin                : Sik ta, sabar. Opo goro-goro awake dewe gowo mlayu maleh mejen ngene yo?

Paimin                  : Ndasmu! Lha opo hubungane?

Ndemin               : *garuk-garuk ndas* Kok gak iso yo?

Paimo                   : Teles paling bubuke mercon?

Paimin                  : Hashhh, kesuwen arek iki. Kene tak jajale.

Gak sabar, Paimin langsung ngganteni Ndemin sing sik umek ngutak-atik mercone. Arek lanang telu iku ketok umek. Rumongso wes tepak Paimin langsung nyumet koreke, njajal maneh.

Blemmmmmmmmmmmmmmm! *luweh banter ko sing pertama*

Paimin                                 : Ndi kok wonge gak metu?

Paimo                                  : Iyo, kok gak onok unine?

Ndemin                              : Ojok-ojok mati kaget? Yok opo iki ngko?

Wedi lek onok opo-opo nang Mbah Yai, akhire arek telu iku mlebu langgar, nginceng. Ndelok Mbah Yai sing meneng ae nang panggone, sik lungguh, arek telu iku nyedeki alon-alon.

Paimin         : Mbah, sampeyan gak popo? Mbah?

Ndemin       : Jawilen ae.

Paimo          : Hooh.

Paimin        : *njawil alon-alon*

Mbah Yai  : *Mandek lek dungo trus nyawang arek-arek* Opo'o, kate ngaji ta?

Paimin       : Sampeyan gak popo?

Mbah Yai  : Yo wes ndang wudhu kono, gek lungguh kene.

Ndemin     : Leh kok ga nyambung sih? *bisik-bisik nang Paimo*

Paimo        : Ojok-ojok mari kaget langsung goblog.

Paimin       : Kon la'an! Mbah, sampeyan gak popo ta?

Mbah Yai : Malah mendelik, gek ndang wudhu kono kok!

Paimin      : Ki aku sing budheg opo kon sing congok, Min? Sakmunu bantere kon wonge nyante ae?

Ndemin    : Mbuh, aku yo bingung.

Mbah Yai : Lek gak ndang lungguh tak slentiki siji-siji. Wong ngaji kok diganggu. Ayo, ndang!

Bingung ndelok reaksi Mbah Yai sing nyante ae arek telu iku akhire krembuk-krembuk nang samping langgar, wudhu. Gak iso ngaleh maneh, akhire masio sik bingung arek telu iku terpaksa melu ngaji Mbah Yai.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun