Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Paimo Paimin Edisi Dukun Sakti dan Roro Ayu

2 April 2011   02:17 Diperbarui: 26 Juni 2015   07:12 323
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Dukun Brotolono        : Loh kok malah kate nangis. Ojok ta arek ayu, papah sedih lek kon koyok ngene. Oleh wes, gak popo mlaku-mlaku tapi papah melu yo?

Dukun Brotolono sing rupane ngalah-ngalahi buto eleke (Ngapunten ingkang katah nggih Mbah *nguncali curut limolas nggo sajen*) ternyata duwe anak wedok, prawan, sing ayu rupane. Kulite masio gak putih tapi resik, gak koyok kulite bapake sing ireng ketutup bolot mergo gak tau adus. Rambute dowo sak geger, ireng tur alus. Lek Dukun Brotolono raine koyok garangan (Hahahaha, kudu sungkem ping piro aku iki ngko cek gak disantet), ndelok raine Roro Ayu maleh eling artis sing maen film AADC (Ada Apa Dengan Congormu).

Dukun Brotolono        : Ayo, sithok maneh cek wareg.

Roro Ayu                    : Wes wareg pah. Gak kuat wetengku. Ngko lek kewaregen malah gak iso mlaku-mlaku (gedek-gedek karo ngelus-elus wetenge).

Dukun Brotolono        : Sithok maneh ae arek ayu, bar iki uwes gak popo (nyodorno tangane sing onok segone, ndulang).

Roro Ayu                    : Mari iki uwes lho, emoh maneh. Janji?

Dukun Brotolono        : Hooh, sithok ae. Janji! *mesam-mesem*

Roro Ayu sing tas loro iku berhasil ngrayu papahe cek oleh mlaku-mlaku. Arek wedok iku pingin ngrasakno langsung howo nang Dukuh Penceng. Papahe, Dukun Brotolono, ngolehi asal de'e gelem mangan. Dukun sing terkenal gak duwe welas asih, kejem, iku ternyata sayang banget karo anake. Roro Ayu sing wes prawan iku didulang karo diayun-ayun nang ayunan kayu sing digantung nang ngisore uwet sawo. Sakwise ndulang anake, Dukun Brotolono wanti-wanti Roro Ayu cek gak dolen suwe-suwe. De'e yo nggawani anake bekal be'e luwe utowo ngelak pas nang dalan ngko. Asline de'e pingin melok tapi gak oleh karo Roro Ayu. Lagian de'e ancen gak iso sembarangan metu ko gunung sik dinggoni de'e karo anake iku. Malem Jum'at Kliwon baru de'e iso metu, bareng karo metune demit-demit sing mbaurekso nang sekitar Dukuh Penceng nggo golek curut, panganane.

Dukun Brotolono        : Ati-ati yo anakku sing ayu dewe *mbrabak pingin nangis, gak tego*.

Roro Ayu                    : Wes ta lah pah, aku gak popo. Aman-aman wong cekelane yo wes koyok ngene *mrengut karo ngangkat berange*.

Dukun Brotolono        : Iku kan nggo njogo awakmu Roro Ayu.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun