Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Paimo Paimin Edisi Carolina Loro

16 Maret 2011   01:46 Diperbarui: 26 Juni 2015   07:45 356
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Maman            : (Sadar lek nglarani Carolina tangane langsung diculno ko Carolina. Raine abang ireng saking senenge) Maem yo?

Carolina           : Mbekk! (manthuk-manthuk)

Maman            : (Njupuk piring trus mulai ndulang Carolina)

Arek karo wedhus iku wes wawuh, mbalik koyok sakdurunge kedadean nang kali kapanane iko. Carolina wes gelem mangan. Kadang malah mesem, ngguyu pas Maman njaraki. Carolina sing wes mangap, siap kate nguntal sego ko tangane Maman digudo. Maman narik maneh tangane ngadoh ko cangkeme Carolina, garai wedhus wedok iku kecelek, tiwas kadung mangap ngunu (Lek sik angel mbayangno yok opo, coba ndeloken ibu-ibu sing lagi ndulang anake. Biasa lak anake wes mangap trus moro-moro tangane ditarik cek anake ngguyu). Emake Maman sing wes muleh ko sawah mung iso gedek-gedek ndelok polahe Maman karo wedhuse iku.

Carolina           : Huekkkk! Huekkk! (Mutah. red: wedhus ki lek mutah huek-huek opo tetep mbek-mbek sih?)

Maman            : Loh opo'o kon Rol? (Ngurut-urut gulune Carolina karo bingung)

Carolina           : Huekkkkk! Huekkk! (Terus mutah-mutah)

Maman            : Kon kenek opo? Mak! Mak! Carolina mutah-mutah! Mak, tulung!

Emak               : (Krungu Maman bengak-bengok langsung mlayu nang kandang) Opo'o wedhusmu iku Man?

Maman            : Gak ngerti Mak. Mari tak dulang kok mutah-mutah.

Emak               : Oalah Man...Man, tok apakno wedhusmu iku? Ojok-ojok de'e meteng. Oalah Gusti, opo maneh iki. Oalah Man...Man, kon iku kok onok-onok ae. Duwe anak siji kok yo gak genah. Tobat kulo, Gusti pangeran (gidro-gidro karo mulai nangis)

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun