Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Paimo Paimin Edisi Komentator Bal-balan

1 Maret 2011   02:55 Diperbarui: 26 Juni 2015   08:10 476
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1298949120110149230

Dukuh Penceng Jaya lagi rame polahe lagi diadakno pertandingan bal-balan. Panitia wes dibentuk. Pemain-pemain bal dadakan podo mecungul. Kabeh warga semangat. Hadiah wedhus berok wes disiapno nggo tim sing menang. Pertandingan bal-balan gak ono komentatore yo gak asik makane Pak Dukuh wes nyiapno komentator loro sing bakal ngramekno acara. Komentator iki gak dipilih sembarangan tapi wes lolos seleksi. Syarate gak aneh-aneh, sing penting iso nyocot karo sithok maneh, cangkeme kudu ombo. Akhire sak marine seleksi sing gak perlu gawe klambi ketat, Paimo karo Paimin kepilih dadi komentator.

[caption id="attachment_92591" align="aligncenter" width="300" caption="nggambar dewe, wong sakti!"][/caption]

Sore iki pertandingan perdana wes kate dimulai. Wong-wong yo wes podo siap-siap nang lapangan. Tim Ra Tau Kalah (wong ancen durung main) bakal nglawan Tim Ra Kere Ngalah. Berhubung warga Dukuh Penceng Jaya gak sepiroo akeh, masing-masing tim cuma isi (koyok pangganan ae) limang pemain. Gak cuma mergo cek akeh tim sing main tapi yo cek lek menang ngko mbagi wedhuse yo ora soro. Nang podium (ngadek nang duwure mejo) Paimo karo Paimin wes siap kate komentar. Corong sing biasa dinggo naker minyak digawe nggo ganti mik (durung onok listrik nang kene).

Paimo              : Slamat sore Bung Paimin. Yok opo kabare sampeyan?

Paimin             : Apik Bung Paimo. Kon yok opo?

Paimo              : Aku yo apik, iki mau tas mangan. Kon wes mangan durung?

Paimin             : Wes no. Lawuh ndok blirik goreng.

Paimo              : Lah, kok maleh omong-omongan dewe (Kaet sadar lek omongane ora penting. Gawe corong sisan, lak podo krungu kabeh iki).

Paimin             : Iyo lali aku Bung Paimo, awake dewe lak lagi dadi komentator bal-balan. Ayo ndang dimulai ae.

Paimo              : (ngelek idu, ndredek polahe sik pertama kali tampil nang ngarepe wong sak dukuh) Emmm...Paklik...Bulik, Mas...Mbak karo adik-adik kabeh, pertandingan wes kate dimulai. Ayo sing sik podo ngrumbul nang pintu masuk lapangan ndang mlebu. Gak usah isin, gak usah wedi, kabeh wes kethok ganteng karo ayu.

Paimin             : Bener, ayo ndang podo ngadek rapi nang pinggir lapangan. Mari ngene lagu Gundul-Gundul Pacul kate diputer. Sik, iku sing nang duwur wit kambil tulung mudun ae. Gak usah menek-menek ngko lek ceblok malah ciloko. Moro pas gol mbengok lali ora gondelan.

Tim Ra Tau Kalah karo Tim Ra Kere Ngalah wes siap nang tengah lapangan. Mari nyanyi Gundul-Gundul Pacul bareng karo warga, kabeh pemain podo siap nang posisine. Penonton wes podo tegang, opo maneh pemaine. Ko Tim Ra Tau Kalah, Silo sing dadi penjaga gawang sediluk-diluk ngelap gundule sing kemringet. Kapten Tim Ra Kere Ngalah, Kimin, sing biasane dadi tukang jogo pabrik kethok gagah, kemlinti. Pertandingan wes dimulai, penonton yo wes podo rame mbengoki tim idolae dewe-dewe. Paimo karo Paimin wes mulai nyocot, komentar.

Paimo              : Situasi bahayo nggo Tim Ra Tau Kalah. Kadi nggiring bal, dikekno nang Yono. Yono nang Tukirah...Tukirah...sik ta la, iku kok onok Lik Tukirah?

Paimin             : Kethoke Tim Ra Kere Ngalah kurang pemain dadi Lik Tukirah dilebokno sisan. Yak bal sik digowo Lik Tukirah, maju...terus....yak semprit ko pak wasit sodara-sodara. Onok opo iki?

Paimo              : Ternyata Lik Tukirah kenek kartu polahe bal'e ora ditendang tapi dicekel karo digowo mlayu. Bal nggo Tim Ra Tau Kalah saiki.

Pertandingan selot seru. Kabeh pemain mati-matian ngrayah bal. Lik Tukirah wes bola-bali kenek semprit mergo mlayokno bal gawe tangan. Durung ono tim sing kegulan. Kethoke loro-lorone podo kuat.

Paimo              : Wektu kurang rong puluh menit maneh. Durung onok gawang sing kebobolan. Yok opo menurutmu Bung Paimin?

Paimin             : Lek keadaane ngene terus iso-iso seri iki ngko, kosong-kosong. Pemain wes podo kekeselen. Iku Lik Tukirah wes bola-bali njaluk ngombe karo menggeh-menggeh.

Paimo              : Bahaya! Bahaya! Tim Ra Kere Ngalah kethoke wes mulai panas, Maman nggiring bal. Ayo Man! Terus!

Paimin             : Wah temenan bahaya iki. Maman terus nggiring bal, gak dioperno kancane. Kethoke areke yakin bakal iso njebol gawang musuhe.

Paimo              : Selot medeni. Lah iku sing jogo gawange Ra Tau Kalah sopo? Silo nang ndi? Ndang mbalik, gawangmu bahaya! Kok sempat-sempate tuku es lilin!

Paimin             : Maman terus maju, penonton selot seru lek mbengoki. Ayo Man, lebokno!

Paimo              : Loh kok mandek? Onok opo? Sodara-sodara, Maman sing wes kurang sak ithik kate njebol gawang Ra Tau Kalah kethok digandoli kanco tim'e. Smakin penasaran. Wasit melu-melu nyedeki Maman. Opo onok pelanggaran iki mau?

Paimin             : Wah Maman calon penjebol gawang mengundurkan diri dari pertandingan. Jare de'e kaet eling lek durung golek ramban nggo wedhuse.

Paimo              : Pertandingan kurang limang menit. Skor sik podo kosong-kosonge. Tim Ra Tau Kalah wes kethok ngenes, kesel. Tim Ra Kere Ngalah kudu main minus siji soale Maman mekso metu, mesakno wedhuse jare.

Wasit wes kenthekan kartu, malah pelanggaran terakhir ko Kimin sing ngotot jaluk tendangan pinalti polahe mbelani Lik Tukirah sing jarike digeret Ndemin mung dikongkon nyatet nang lemah. Sampek akhir pertandingan skor pancet kosong-kosong. Gak mung pemaine sing kesel, sing nontok yo ora kalah kesel. Paimo karo Paimin yo kethok ngurut-ngurut cangkeme sing kemeng kakean nyocot.

*sak durunge ditampilno nang blog'e wong edan

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun