Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Paimo Paimin Edisi Komentator Bal-balan

1 Maret 2011   02:55 Diperbarui: 26 Juni 2015   08:10 476
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Dukuh Penceng Jaya lagi rame polahe lagi diadakno pertandingan bal-balan. Panitia wes dibentuk. Pemain-pemain bal dadakan podo mecungul. Kabeh warga semangat. Hadiah wedhus berok wes disiapno nggo tim sing menang. Pertandingan bal-balan gak ono komentatore yo gak asik makane Pak Dukuh wes nyiapno komentator loro sing bakal ngramekno acara. Komentator iki gak dipilih sembarangan tapi wes lolos seleksi. Syarate gak aneh-aneh, sing penting iso nyocot karo sithok maneh, cangkeme kudu ombo. Akhire sak marine seleksi sing gak perlu gawe klambi ketat, Paimo karo Paimin kepilih dadi komentator.

[caption id="attachment_92591" align="aligncenter" width="300" caption="nggambar dewe, wong sakti!"][/caption]

Sore iki pertandingan perdana wes kate dimulai. Wong-wong yo wes podo siap-siap nang lapangan. Tim Ra Tau Kalah (wong ancen durung main) bakal nglawan Tim Ra Kere Ngalah. Berhubung warga Dukuh Penceng Jaya gak sepiroo akeh, masing-masing tim cuma isi (koyok pangganan ae) limang pemain. Gak cuma mergo cek akeh tim sing main tapi yo cek lek menang ngko mbagi wedhuse yo ora soro. Nang podium (ngadek nang duwure mejo) Paimo karo Paimin wes siap kate komentar. Corong sing biasa dinggo naker minyak digawe nggo ganti mik (durung onok listrik nang kene).

Paimo              : Slamat sore Bung Paimin. Yok opo kabare sampeyan?

Paimin             : Apik Bung Paimo. Kon yok opo?

Paimo              : Aku yo apik, iki mau tas mangan. Kon wes mangan durung?

Paimin             : Wes no. Lawuh ndok blirik goreng.

Paimo              : Lah, kok maleh omong-omongan dewe (Kaet sadar lek omongane ora penting. Gawe corong sisan, lak podo krungu kabeh iki).

Paimin             : Iyo lali aku Bung Paimo, awake dewe lak lagi dadi komentator bal-balan. Ayo ndang dimulai ae.

Paimo              : (ngelek idu, ndredek polahe sik pertama kali tampil nang ngarepe wong sak dukuh) Emmm...Paklik...Bulik, Mas...Mbak karo adik-adik kabeh, pertandingan wes kate dimulai. Ayo sing sik podo ngrumbul nang pintu masuk lapangan ndang mlebu. Gak usah isin, gak usah wedi, kabeh wes kethok ganteng karo ayu.

Paimin             : Bener, ayo ndang podo ngadek rapi nang pinggir lapangan. Mari ngene lagu Gundul-Gundul Pacul kate diputer. Sik, iku sing nang duwur wit kambil tulung mudun ae. Gak usah menek-menek ngko lek ceblok malah ciloko. Moro pas gol mbengok lali ora gondelan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun