"Guduk susu gelas, susonono karo dikeloni. Ngko lek iso turu kan enak awake."
"Gak onok isine, malah ngge cakot-cakotan ngko."
"Yo penting iso turu, timbang awakmu nggendong terus koyok ngunu lak kesel."
Wiji mikir. Boyoke rasane kudu pedot. Nggendong Tomin sing awake montok ngene iki jelas abot.
"Bobok ya, tak keloni," omonge Wiji.
Tomin meneng, matane sing biasane plerak-plerok ketok sayu, lemes. Diman nebahi kasur. Wiji ngletak karo ngeloni anake. Masio lambene wis disumpeli susune emake ning diluk-diluk sik ndrenginging, nangis. Diman ngepuk-puk bokonge anake. Setengah jam akhire Tomin meneng, turu.
Limang dina Tomin ora enak awak, akhire arek cilik iku waras. Isuk-isuk wis njaluk adus, mangan trus mlayu dolanan. Bedo anake bedo emake. Isuk iki mari ngurusi anake Wiji glundang-glundung nang kasur. Diman sing awan mulih kate mangan awan bingung ndelok bojone. Raine bojone kucel, ketok lek durung adus. Lambene sing biasane ora meneng mingkem dipet.
"Lapo koen, Mak? Anake wis waras kok gak seneng."
Wiji ora nyauri.
"Yahmene gurung adus, sat ta sumure?"
Ora disauri. Diman sing mung sediluk lek istirahat akhire ngalih, mangan trus budal kerjo maneh. Bengi Tomin wis turu. Wis enak mangan turune yo penak. Diman yo siap-siap turu.