Diman meneng ae, nerusno lek makan.
"Mbok ojo kaya ngunu, ojo sombong-sombong. Diesemi sithik lak enak sih."
"Opo sih?"
"Iku lho, Ayu, ponakane sing duwe warung. Lek koen mangan lak mesti lirik-lirik trus mesem, seneng iku areke."
"Trus kon ngapakno?"
"Man...man, koen iku dadi uwong kok lurus men. Golek duwit ki abot, nyenengno awak sithik lak gak popo sih. Penting gak lali anak bojo. Ngge seneng-seneng thok ae."
Diman nyruput kopine. Disawang Ayu sing jarene kancane ngesiri Diman iku. Sing disawang ndilalah pas nyawang, langsung mesem isin.
"Nah kan, tontok kae. Ojo gawe gelo anake uwong. Dijak mlaku-mlaku ae lak wes seneng."
Diman nyawang Ayu maneh, arek wedok sing disawang mesem maneh.
"Es! Es! Es'e adem, Es!"
Arek lanang cilik umur nem taunan nggawa termos es karo mlaku turut pinggir embong. Kaose sing kegeden teles kringet. Topi sekolahe miring, nutupi separo raine sing abang kepanasen.
"Es! Es!"
"Dek, Es!"
Ayu nyeluk arek bakul es iku. Arek wedok iku nggeret tangane Diman.
"Loro, dek."
Arek cilik iku mbuka termos es trus ngetokno es lilin loro.