"Pak'e ora ngerti atine wong wedok. Ati ki penting, ora mung mangan ae sing dipikir. Wareg o lek atine ora penak."
"Lha buktine makmu yo penak-penak ae. Yo gak mak? Aku gak tau nglarani atine makmu. Tanggung jawab karo keluarga. Lek biyen karo pacare kae lak gurung mesti koyok ngene. Iso ae makmu ditinggal."
Wiji meneng. Emake Wiji mung mesam-mesem.
"Gek adus kono trus mangan. Kramas sisan cek seger iku uteke. Paling-paling njaluk ditukokno sate tho?"
Mari ngomong bapake Wiji langsung ngadeg. Kesel mari dodolan nang pasar biasane wong lanang iku turu awan sak jam rong jam. Ndelok bapake mlebu, emake yo melu ngetutno bapake, Wiji melu ngadeg. Diambu awake. Bapake bener, kecut. Arek wedok iku akhire adus.
"Anakmu nang ndi, mak?" takone bapake Wiji mari tangi turu.
"Iku nang kamar."
"Wis mangan?"
"Uwis, mung inyak-inyik tapi wis dileboni. Iku mau yo langsung adus."
"Turu ta saiki?"
"Ora, glebakan ae."