"Wis, gek ndang budal. Mumet aku ngrungokno koen wong loro. Ati-ati," omonge Diman.
Nang stadion Tomin karo kanca-kancane kesenengen, jingkrak-jingkrak karo nyanyi kaya wong kesurupan. Tomin sing masio ngotot ning asline rada wedi pas emake ora ngolehi. Arek iku sik durung percaya lek iso nonton konser. Masio lanang, dheweke anak siji-sijine. Masio tho yo ora dimanja, ben dina dibengoki emake. Kaya ngene iki wis kemajuan kangge dheweke yo emake sing durung tau pisah suwi. Nang ndi emake lunga, Tomin mesti melu. Nang ndi ae Tomin ana acara sing dudu urusan sekolah, emake mesti mbuntuti.
"Wis kate mari iki, ayo mulih," ajake Diman nang bojone.
"Sik, gurung iki. Wong sik pirang lagu iku mau."
"Lah, ngko lek awake dewe gak ndang metu selak rame. Ngantri metune, ngko didhisiki anakmu tekan omah malah ciloko."
"Halah, sik, siji engkas."
"Wou...lha malah koen sing kesenengen. Ngunu anake gak oleh niru. Yo kelakuanmu ngene iki sing diturun anakmu."
"Aku maneh. Tomin ki yo anakmu, wong loro sing nggawe."
"Iyo, tapi sing ngene ki yo mesti nurun koen. Angel kandanane. Ayo, gek mulih kok."
"Kabeh aku, sampeyan bagian opone?"
"Bagian gantenge. Lha deloken kae. Lek njoget-njoget karo merem-merem kae lak koyok koen. Persis."