"Mak'e jahat!"
"Jelas!"
Diman sing ndelok anak bojone padu mung iso gedheg-gedheg. Mesakno anake ning yo ora wani mbelani, opo maneh lek mbelani langsung nang ngarepe anake. Bengi pas wayahe turu, Diman njajal ngomong nang bojone.
"Mak, mbok jarno tho areke nontok. Sakno lho iku, wong wis pingin ngunu," omonge ati-ati.
"Sakno yok opo? Lek anakmu ngko tawur trus ditujep ngunu kae opo gak sakno? Arek saiki ngawur-ngawur. Lek wis gumbul yo koyok ngunu kae tingkahe. Gak eling bapak emake lek golek duwit, gelutan ae senengane."
"Lah, kan iki kate nontok konser, gak gelut."
"Podho ae, konsere iku lak mesti rusuh. Masio anakmu gak melu rusuh arek sak umur sakmunu, gek akeh, lak gak mikir opo-opo maneh."
Diman meneng.
"Tapi iku ngko lek anakmu gak gelem sekolah temenan yok opo? Ngunu iku lak isin karo kancane ta, Mak. Wong yo rame-rame, kancane kae lho yo apik areke."
"Isin lapo?"
"Yo isin, wong wis gede dijak nontok konser ae gak oleh karo emake. Anakmu ki lanang, ngunu iku lak nglarani harga dirine."