Diman lungguh nang pinggir kasur. Disawang maneh bojone sing sik ngguya-ngguyu karo ngoco.
"Sesuk gak usah kerjo maneh," omonge Diman.
"Lha lapo?" takone Wiji kaget.
Diman ora nyauri.
"Lumayan, iso ngge njajan anakmu. Oleh klambi maneh aku," omonge Wiji.
"Aku ngomong gak usah yo gak usah!" omonge Diman karo ngadeg.
Ndilalah pas Diman mbengok, Tomin cilik mlebu kamare emake. Arek cilik iku melu kaget trus wedi. Tomin mlayu ngrangkul emake, nangis.
"Pak'e nakal," omonge Tomin pas diadusi emake.
Arek cilik iku sik ae nangis. Wiji maklum, polahe kaet jaman kenal Diman ngganti dadi bojone durung tau Diman nyuwara banter kaya mau. Mari diadusi, Tomin sing ngrengik ae akhire dikeloni.
"Mimik, Mak."
"Wis gek merem. Wis entek sak gelas ngunu lho mau."