"Yo wes melu tapi ojo nangis."
Wiji nglungguhno anake nang mburine Diman.
"Aku ngarep!"
"Yo gak iso, siji mburi."
"Aku ngarep!"
"Adike tibo ngko lek nang mburi," omonge Wiji.
Ora gelem dirayu, Wiji ngrayu Doni pindah mburi. Jelase wong wedok iku melu nyingklak sisan polahe ora iso ngetokno ponakane sing sik cilik iku lungguh dewe nang mburi. Masio akhire Doni ora gelem lungguh ning njaluk ngadeg.
Seminggu nang rumah sakit, akhire Dewi oleh mulih. Doni yo wes digowo mulih. Tomin sing wes biasa ono Doni pas ditinggal mulih krasa kelangan. Arek iku langsung ngalem nang emake. Bengi njaluk dikeloni karo diempengi.
"Enak?" gudone Diman karo nyawil pipine Tomin saka mburine bojone.
Tomin mung nyawang bapake karo ngusapi pipine sing dijawil bapake.
"Pak'e nyuwun," gudone Diman maneh.