Wiji meneng. Diman melu meneng. Saka kamar sebelah, Tomin celuk-celuk emake. Wiji ngangkat tangane Diman sing nang nduwure wetenge terus tangi. Nang kamar sebelah, anake ndleming. Tibake bathuke rada panas. Tomin merem karo ngrengik. Ditinggal telung dina ae ora kopen anake, mesti mangan sembarangan, batine Wiji. Ditinggal bojone, Diman ora patio urus anake njajan opo ae, penting ora ngrengik. Tibake nang sekolahan, Tomin sing jarang njajan, nukoni jajanan sing ora nggenah.
"Yo aku gak ngerti, tak sangoni ngunu ae," belane Diman pas ditakoni Wiji.
"Mesti tuku ciki, lek gak tuku sirop sing warna-warni kae."
Diman meneng. Tomin nang gendongan bojone sik ngrengik.
"Karo turu, Mak, kesel ngko nggendong."
Wiji ngedokno anake.
"Sampeyan turuo kono," omonge nang bojone.
"Gak, tak tunggoni."
"Yo iki gak gelem diculno kok, ngantuk ngko."
"Gak popo. Aku ngenteni."
Diman ngletak nang sebelahe anake sing dikeloni bojone.