"Mlebu kono sik, kae wis podo baris."
"Lha tas'e gurung onok."
Diman ngrogoh dompete. Ditokno duit ewon siji terus mulih njupuk tas'e anake. Telung dina ditinggal dhewean mung karo anake, Diman kaet krasa rebyeke bojone ben dina. Minggu sore bojone mulih. Tomin sing maune nesu, sik lara atine ditinggal emake lungo, wis gelem ngguya-ngguyu. Opo maneh lek ora mergo digawakno jajan.
"Sesuk-sesuk ojo suwi-suwi lek lungo."
"Yo pingine gak suwi, jenenge wong loro sopo sing njaluk."
"Ho oh. Kesel tibake ngurusi anakmu."
"Yo ngunu iku polahe anakmu. Makane lek mulih kerjo kae, mari leren, anake ditunggoni, ojo mung ngurusi pancing ae. Cek ngerti polahe koyok opo."
"Ho oh, ojo nesu ta," omonge Diman karo ndusel-ndusel.
Ora nang omahe dhewe, ora nang kampung, Wiji rebyek. Awake rasane ajur kabeh, kekeselen.
"Kate nang ndi?" takone Diman pas bojone kate tangi.
"Iku rungokno."