Emake Wiji lara. Wong wedok sing wes umur seketan taun iku digawa nang rumah sakit. Dudu lagek musim lek emake Diman yo lara sisan. Bedane, emake Diman ora perlu mlebu rumah sakit. Kaet isuk Wiji wis umek notoni klambi, kate mulih. Tomin ora dijak mergo wedi malah ngrepoti. Ora mung mergo wedi ngrepoti ning yo mergo Tomin sik cilik, ora apik lek digowo nang rumah sakit.
Diman wis bola-bali diwanti-wanti karo Wiji. Perkakas sekolah, kebutuhane anake karo kebutuhane omah saksuwene ngko ditinggal Wiji mulih nang kampunge wis dicepakno.
"Iyo, beres," omonge Diman nang bojone pas ngeterno nang stasiun.
Tomin mecucu ae. Sak isuk wis kesel lek nangis pingin melu emake. Wiji dada-dada nang anake karo bojone pas sepur budal. Bengi iki Tomin turu karo bapake. Diman sing kekeselen ngejak mubeng-mubeng anake sing ora turu-turu wis ngowoh-ngowoh. Isuk, Diman sing biasa tangi rada awan kaya biasa tangi kawanen. Ndelok anake mlungker nang sandinge, arek lanang iku langsung digugah kon tangi.
"Malah nontok tipi, adus kono," omonge Diman ndelok Tomin lungguh manis nang ngarep tipi mari tangi.
Tomin meneng ae, ora nyauri. Matane sing sik ngantuk ngematno tipi.
"Wis awan kae lho, seneni makmu koen ngko."
"Mak'e minggat," saure Tomin.
Eling lek bojone ora nang omah, Diman langsung nyandak kaose karo njupuk dompet.
"Ndang adus, Pak'e kate tuku sarapan."
Ditinggal bapake, Tomin krembuk-krembuk nang jeding. Diman tuku sego pecel ngge anake karo emake. Mari ngeterno sego nang emake, wong lanang iku mulih.