"Halah, mbujuk. Sampeyan sengojo kan?"
"Gak, iku tontoken untumu sik onok pentole. Ambune yo sik onok. Yo aku iki sing keluwen ngenteni koen gak mulih-mulih."
Ora trimo jawabane bojone, Wiji nesu. Wong wedok iku sadar lek mari digarapi bojone. Diman sing ora iso endo maneh yo mung meneng. Salahe dhewe, batine. Wong lanang iku ancen ora seneng lek bojone lunga dhewe, opo maneh karo koncone sing jenenge Wiwik. Polahe Wiwik iku sik dulur cedek karo Rahmad sing biyen tau ngesiri Wiji.
"Kate nang ndi?" takone Diman nontok bojone salin daster karo nyandak wadah sabun.
"Nunut adus. Gak diempakno tho iku mau kran'e."
Nang kosane Wiji banyu ora mili ben jam. Lek sore ora ndang diempakno banyu sing ngalir nang kamare mati. Ngko murup maneh jam songonan.
"Gak usah adus," omonge Diman.
"Emange sampeyan, gak seneng adus," saure Wiji karo kate mlaku metu.
"Adem."
"Adem apane? Sumuk koyok ngene, panas."
Ora nemu alasan maneh, Diman sing ora seneng lek bojone adus nang kamar mandi umum akhire ngalahi.