"Iku areke!"
Tomin sing maune meneng ae nang kursine jebul keweden. Arek lanang iku alon-alon mlaku ngalih terus ndelik.
"Tangkap, Pak!"
Diman, pak tentara karo tonggo-tonggone Wiji sing nang tendo metu mlayu. Karo nyincing sarunge Tomin mlayu banter. Ndelok anake diuber-uber, Wiji melu mlayu metu. Wong wedok iku nyeluki anake, wedi lek anake lapo-lapo.
"Oalah putuku, lapo kok malah ngejak playon kae," omonge mbahe Tomin.
Dadi uber-uberan wong akeh, Tomin sing masio cilik ning lincah iku iso ucul. Ora pingin acarane bubar, akhire Tomin ditinggal.
"Jarno, ngko lek luwe lak metu dewe," omonge Diman.
"Lik, Tomin kecemplung kakus."
Digoleki nang ndi-ndi ora ketemu jebule Tomin ndelik nang kakus tonggone mbahe. Kakus sing mung saka pring, tutupane gedhek sing ancen wis kate ditutup iku ambrol dipanciki Tomin sing umek ae nang njero.
"Pak, anakmu!"
Wiji mbengok krungu anake kecemplung kakus. Diman karo wong-wong sing mau wis mbalik nang tendo saiki mlayu marani Tomin. Arek lanang iku nangis. Rupane ora pokro. Mbahe Tomin sing nontok putune gluprut tai mung gedheg-gedheg.