Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Wedhus Cilik

6 Oktober 2014   15:12 Diperbarui: 17 Juni 2015   22:12 198
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

"Mak'e!"

Tomin cilik sing kaet tangi bola-bali nyeluki emake, ning sing diceluki ora moro-moro, sik umek nang pawon.

"Mak'e!"

Arek umur patang taun iku ngadeg nang nduwur kasur karo ngusrek-usrek matane. Mbedodok emake ora marani, kathoke diplorotno trus nguyuh. Wiji sing kaet mlebu kamar gedheg-gedheg karo ambegan dawa.

"Pinter. Pipis ndok kasur..."

"Lha mak'e cuwi," sauté Tomin.

Ora kakean lambe, Wiji njunjung anake, digawa nang jeding, diadusi.

"Lek pipis ndok jeding," omonge karo ngosoki awake anake.

Mangkel ning yok opo maneh, Wiji yo rumangsa salah wis diceluki bola-bali ora ndang moro.

"Pak, dulangen iku anakmu."

Sore wayahe Tomin mangan, Wiji sing kate adus njaluk bojone ndulang anake.

"Akk..."

Lek perkoro mangan Tomin ora angel. Opo ae diemplok kaya emake. Sakjane iso mangan dhewe ning kecer-kecer, akeh dolanane.

"Ojo mlumpat-mlumpat, mutah ngko."

Dikandani bapake, Tomin cilik ora trimo. Dheweke langsung meneng karo mecucu. Diman ambegan dawa, eling bojone.

"Yo mlumpato, alon ae," omonge nang anake.

Wis kadung nesu, Tomin meneng ae. Lambene selot maju. Diman ngukuri gundule, ora iso omong opo-opo maneh. Jarno ngko ngenteni bojone ae.

"Melu pak'e opo mak'e?"

Dina iki riyaya kurban. Kaet isuk Wiji, Diman karo anake wis tangi, siap budal nang masjid. Tomin cilik digaweni kupluk.

"Melu mak'e."

"Nuk kono ae, mak e solat sik."

Tomin cilik manthuk. Ning dudu Tomin lek terus iso anteng, meneng ae. Wayahe wong ngomong amin, Tomin cilik mberok sak bantere. Wayahe emake sujud, arek cilik iku munggah nang nduwure, numpaki emake. Pas mak'e njuding, dheweke melu njuding, ngajak emake dolanan.

"Anteng," omonge Wiji mari sholat.

Mari sholat ono ceramah. Tomin sing wis kesel ngenteni akhire ngalih, pamit nggoleki bapake sing sholat ning ngarep. Ora marani bapake, jebul Tomin dolanan karo arek-arek liyane. Arek-arek iku nutuki kentongan karo bengak-bengok. Mari dikandani, mandeg sediluk, ganti acara. Sandale uwong-uwong dijupuki, ditumpuki dadi gunung-gunungan trus disawati. Sing iso ngeneki gunungan sandal sing menang. Rame maneh,

"Ojo rame, dirungokno kae ceramahe!"

Dhuarrrr!

Wong sak masjid njumbul.

"Atu ola," omonge Tomin cilik.

"Iku opo? Ojo dolenan mercon."

Mbuh Tomin cilik oleh saka endi, arek lanang iku tibake yo nyekel mercon sing durung disumet. Arek-arek cilik sing mau dolanan iku dikongkon lungguh anteng.

"Hihihi...hihi."

"Hiha...hiha...!"

Wong sak masjid mbalik nginguk mburi maneh. Arek-arek cilik sing mau wis lungguh anteng buyar maneh.

"Anakmu kae, tontoken."

Firman mbisiki Diman sing lagek lungguh anteng ngrungokno Pak Yai ceramah. Mergo nang mburi selot rame, Diman akhire ngadeg ndelok. Nang ngisor uwit palem, nggon wedhus-wedhus sing kate dingge kurban, arek-arek cilik kumpul karo ngguyu-ngguyu.

"Mudun," omonge Diman.

"Emoh!"

Diman nyawang anake sing lagek numpaki wedhus.

"Mudun," omonge Diman maneh.

Wedi disawangi bapake, mangkel diomongi, Tomin akhire nesu. Ora mung nesu arek lanang iku yo nangis banter.

"Pak'e nakal!"

Mergo wong-wong wis podho ora konsen, buyar dhewe-dhewe, akhire ceramahe dimareni. Wiji sing krungu anake nangis ndang-ndang moro.

"Pak'e nakal!"

Tomin sik ae nangis karo mbengok. Wiji nyandak anake, digendong kate dijak mulih.

"Emoh, nontok wedhus."

"Yo nontok, ojo ditumpaki koyok ngunu," omonge Wiji.

Tomin sik ndrenginging.

"Karo pak'e, mak'e mulih dhisik."

"Emoh. Pak'e nakal."

Tomin cilik paling ora seneng lek bapake nesu. Disawang bapake kaya ngunu mau arek cilik iku wedi.

"Mak'e kate ngewangi Mbah, dienteni kae wisan."

"Huhuhuhu..."

"Pak..." celuke Wiji.

Diman maju, nyedeki anak bojone.

"Ayo, karo pak'e."

"Pak'e nakal."

"Ho oh."

Tomin sik nggandoli emake.

"Numpak kene," omonge Diman karo nyekel pundake.

Tomin nyawang bapake. Lambene mecucu.

"Pak'e dadi wedhus?" takone Tomin lirih.

Wiji nyawang Diman, Diman ambegan dawa trus manthuk. Akhire Tomin gelem pindah saka emake nang bapake.

"Wedhus cilik," omonge Diman lirih  karo ndekek anake nang pundake.

Wiji nyawang bojone.

"Hehehe...gak, aku wedhuse..." omonge Diman cengengesan.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun