Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Rapat

10 Februari 2015   15:24 Diperbarui: 17 Juni 2015   11:30 130
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Duwe anak cilik sing mulai akeh omonge lan pitakone, Wiji karo Diman kudu pinter. Opo maneh Wiji sing ben dina nyasat 24 jam karo anake. Lambene kadang kesel nyauri Tomin. Ora mung iku, Wiji Diman yo duwe istilah dhewe dingge nyebut opo-opo sing durung wayahe dingerteni anake.

Arek sing umure telung tahun luwih iku saiki lagek seneng-senenge nakokno adik. Opo maneh lek mari tukaran karo kanca dolanane, mulih mesti langsung njaluk adik. Kaya sore iki.

"Mak, nyuwun adik," omonge karo mecucu.

"Mene."

"Mene tapan?" takone maneh.

Wiji sing bosen ditakoni iku-iku ae milih ngalih, nyandak piring karo gelas sing mari dingge bojone mangan. Ditinggal emake nang pawon, Tomin pindah nang bapake sing lagek ngenakno lungguh karo ngeluh boyok.

"Pak'e nyuwun adik."

Seje karo bojone, Diman lek ditakoni anake mesti disauri, masio kadang ngarang.

"Piro?"

Tomin bingung. Disawang drijine, kate ngitung.

"Lima cukup?" takone Diman.

Tomin manthuk.

"Oke."

"Ndi?"

"Yo rapat sik karo mak'e."

"Lapat opo?" takone Tomin.

"Yo rapat. Gawe adik yo kudu dirapatno cek gak salah dadine."

"Atu melu lapat."

"Yo gak iso. Mung pak'e karo mak'e thok."

Tomin mrengut.

"Wong gedhe sing oleh rapat."

"Wes gedhe oleh lapat?"

"Ho oh, suk lek wes gedhe sampeyan yo oleh rapat. Saiki bobok ae cek cepet dadi adike."

Tomin meneng. Arek lanang iku sik durung percaya omongane bapake. Disawang maneh bapake.

"Mak'e..."

Tomin mlayu nang pawon marani emake. Arek sing mari mangan iku njaluk turu. Arek cilik iku akhire turu mari mbayangno duwe adek.

"Min...pak'e nang ndi?"

"Lapat," suare Tomin karo dolanan montor-montorane.

"Rapat karo sopo?" takone Wiji kaget.

"Kalo Tante Eli."

Wiji menteleng. Wong wedok iku selot kaget krungu saurane anake. Biasane yahmene bojone uwes nang omah. Saiki wes jam setengah wolu durung kethok irunge. Mau sore pas lagek nang pawon Wiji krungu suwarane bojone, ning mbareng metu kok wes ora ono uwonge.

"Jare sopo pak'e rapat?" Wiji nakoni anake.

"Pak'e cing nomong."

"Pamit awakmu mau?"

Tomin manthuk.

Sing diceluk Tante Eli iku ngunu tangga sebelah Wiji karo Diman sing kerjo nang mal. Areke ayu, seksi, yo sik prawan. Atine Wiji panas. Wong wedok iku wira-wiri kaya setrikoan. Lambene mecucu. Tomin sing ora ngerti opo sing dirasakno emake ngenakno lek dolanan montor-montoran.

Jam wolu luwih Tomin ngantuk terus merem. Wiji sing atine sik mbedodok ora iso merem. Pingin diparani omahe tanggane iku ning ora sido. Dheweke ora pingin gembrah, ora pingin isin. Meh setengah songo akhire bojone mulih.

"Kate nang ndi?" takone Diman nontok bojene nglebokno klambi nang tas.

"Lungo."

Masio atine lara, Wiji sik gelem nyauri.

"Nang ndi?" Diman sik ae takok.

"Yo mbuh."

"Kate lungo kok embuh, lha tujuanmu ki kate nang ndi?"

"Yo mbuh, sak paran-paran."

Krungu saurane bojone sing ora penak, Diman mulai dong lek bojone nesu.

"Kate minggat ngunu ta iki critane?"

"Embuh!"

Diman lungguh nang kasur. Disawang bojone, masio ta bojone iku langsung nyingkuri.

"Mbarang-mbarang ki dirapatno sik, Mak. Lha masalahe opo?"

Wiji meneng. Wes ora kuat, akhire mrebes. Diman ngukuri gundule.

"Iki mau masalahe opo? Ditinggal rapat diluk ae wes kate minggat."

"Sampeyan mau rapat karo sopo?" takone Wiji rada banter.

"Yo rapat karo wong-wong, sak RT."

"Mbujuk!"

"Mbujuk yok opo?"

Wiji sik mrebes.

"Jare anakmu rapat karo Eli..."

Diman kaget. Ora suwi wong lanang iku mesem.

"Oalah. Iku mau sing ngeterno undangan ancen Eli, areke lali. Wingi dititipi undangan karo bapake, kaet eling digawa bablas kerjo. Iku mau sore dikekno mulih kerjo, mampir rene. Rapate yo karo wong kampung, gak karo Eli. Lak enak lek rap..."

"Aahhhhhk..."

"Gak...gak rapat karo Eli he...he...he. Wes ojo nangis, mene-mene takok sik, ojo langsung nggawa bangkelan ngunu."

Wiji sik mecucu.

"Sido rapat gak awake dhewe?"

"Emoh."

"Wou...yowes, rapat karo..."

"Yo kono!"

Diman cengengesan. Dijawil pipine bojone karo mesam-mesem. Lara atine dijawil, karo sik gemes mergo rapat, Wiji njiwit pupune bojone trus ngalih.

"Wou...awas ngko lek rapat," omonge Diman karo ngelus-elus pupune.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun