"Lik! Lik! Mak'e Tomin tabrakan!"
Diman sing lagek ae kate leren rokokan kaget ono arek cilik mlayu karo bengok-bengok.
"Hah, ndok ndi?" takone Lik Saiman sing melu krungu.
"Ndok kono. Ndang, Lik, wonge gak sadar!"
Ora ngringkesi perkakas gaweane, Diman langsung budhal marani bojone sing jare tabrakan. Ora nang rumah sakit utawa puskesmas, ning nang lapangan.
"Lik Wiji gak gelem digawa nang rumah sakit," omonge arek lanang sing mbonceng Diman.
Nang lapangan wes akeh uwong. Arek cilik, tangga-tanggane Diman, wes padha nglumpuk. Ndelok bojone teka, Wiji mecucu.
"Apane sing lara?" takone Diman.
Wiji sing mecucu. Wong wedok iku mari nangis.
"Mulih gak?"
Wiji manthuk. Diman mbopong bojone, terus ditumpakno montore tanggane. Nang omah Wiji sik meneng ae. Montore Diman sing mau ditumpaki bojone, dingge tabrakan, digawakno mulih tanggane.