Ora mung piting-pitingan, wong loro iku kaya arek cilik, ilok-ilokan.
"Jancuk!"
Mangkel diilok-ilokno lemu karo bojone, wes kesel lek gelutan, Wiji akhire misuh.
"Wou...yo koen iku sing ditiru anakmu. Ngunu aku sing diarani."
"Gak."
"Njaluk dicakot iku lambene. Kene."
Diman nyandak raine bojone, Wiji njejek-njejek. Bapak emake umek ae, Tomin sing mau wes merem tangi trus ngrengik.
"Uwes, tangi kae anakmu," omonge Wiji.
Diman ngeculno bojone. Wiji ngabuk-abuk anake cek merem maneh. Ora suwi wong telu iku teler kabeh, turu.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H