Sepisan maneh, dadi wong Jowo ojo nganti ilang Jawane. Dadi wong Jowo kudu nduweni sifat lembah manah, andhap asor, ora rumongso biso, ananging tansah biso rumongso.Â
Kang koyo mangkene iki biso nuwuhake kautaman lan kabegjan, lelakoning dakwah ing tanah Jowo biso tansah ngremboko adoh ing rubedo. Koyo sejarahe poro Wali Songo kang biso nyebarake agomo ing sakabehing tanah Jowo, amargo tansah linambaran laku sarto watak utomo.
Mugo kito sedoyo tansah tinebihno soko watak adigang, adigung lan adiguno. Mugo kito sedoyo tansah cinaketno ing kabecikan lan watak utomo.
Aamiin.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI