Mohon tunggu...
Nisrina Izzatur Rizqiyah
Nisrina Izzatur Rizqiyah Mohon Tunggu... Lainnya - Pelajar

Here to learn something, Nice to meet ya'll [finger heart]

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Serigala Jahat

23 Agustus 2023   21:15 Diperbarui: 23 Agustus 2023   21:24 117
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

"pletak pletak" gak suwe aku ngerungokno suara sepatu ngendap=ngendap, aku noleh ng nduwur, remang-remang tapi aku masih bisa ndelok "Loh kon lapo ndek kene! Kon kan ketua e pak tua iki!" omongku nang Zidi. Iya Zidi sing teka. Nanging Zidi malah meneng ae lan nyedeki Nana sambil buka tali sing nali Nana dilanjut buka tali e Yaya lan Cici. Nanging pas Zidi kate buka taliku aku malah ngehindar, akhir e Zidi langsung buka mulut "gelem dibuka gak?" aku mung meneng wae, Zidi langsung buka tali sing ngiket ing awakku. "ayo" ajak Zidi nang aku lan kanca-kancaku. Aku pun langsung meloki arekke.

"DORR!" suara tembak iku krungu tekan arah mburi. "WOI WOI AYO MLAYU" suara Satria sing ternyata lagi jaga ing ngarep bangunan, aku lan kanca-kancaku langsung mlayu meloki Satria. "HE OJOK KABUR KON" "DORR!" suara serigala tua iki sambil dulinan pelatuk e pistol. Aku lan para serigala iki mlayu nang arah mobil sing ternyata ing kono ana Nadi. "Ayo ndang melbu!" bengook Satria ambek narik aku lan Nana. "Tapi iku Zidi!" omongku sambil ndelok Zidi sing lagi ngelawan serigala tua iku dewean. "Cepetan melbu!" bengok Nadi tekan njero mobil.

Aku mung bisa bingung ing mobil. Mobil iki senyap mung krungu suarane mesin mobil. "awakmu kabeh gapopo kan rek?" takone Nadi sambil nyetir mobil. Durung mari aku mangap "loh yo gapopo lah kan ana aku sing selalu siap sedia" celetuk e Satria tiba-tiba. "Gapopo kok" jawabku barengan karo kanca-kancaku. "Untung ae si Zidi sempat ngelebokno remote  ing kantongmu Ly, ancen arek iku gak jelas ket awal wis merhatikno gerak-gerikmu." Jare Satria tiba-tiba. "Lagian aku wes ngomong kan aja sampe kepisah, lapo kon kabeh malah ngadoh" lanjut Nadi. Aku lan kanca-kancaku mung bisa meneng wae, mendadak aku ngerasakake perasaan bersalah menyang kabeh serigala.

Akhire mobil iki mandek ing tempat asalku, ternyata kabarku sing ilang bahkan wis krungu sampe kuping e Professor Bonbon. "HE GAPOPO KAN, GAK TRAUMA KAN" malah Professor Bonbon sing gupuh. "gapopo kok cuma iku si Zidi" jawabku alon. Pas sakwise aku ngomong ngono Zidi teko dengan santainya. Aku bingung kate ngomong opo nang Zidi aku mung ngomong "suwun yo, sorry" merasa bersalah banget aku terutama karo Zidi.

"Mangkane lain kali ojok ngadoh" celetuk Zidi ing ngarepku  "lah luwe kok" jawabku santai "ojok tuku gorengan ae" lanjute Zidi "aku dikei!!" "yo ojok gampang percoyo" "lah kan aku gaero!!" "mangkane ojok tuku gorengan" "kandani aku dikei!!!!!!" debat iki gak mari-mari sampe akhir e dipisah karo Nadi.

"paling kalian pegel kan opoo para serigala iki selalu ngongkon kalian kanggo nonton acara iku, sebenere kabeh berawal 10 tahun lalu pas petua serigala mendadak kehilangan akal sehate, awake kaum serigala liyane juga ora ngerti opoo serigala iku moro bisa berubah. Hal iki sing nyebabake Professor Bonbon berinisiatif ngumpulake kabeh kewan supaya bisa saling ngelindungi. Para pemenang lomba The Ball iku juga dadi ajang kanggo bantu awak e para kaum serigala kanggo musnahake Petua Serigala sing wis ora bisa ketolong." Cerita Nadi. Omongane Nadi buka mataku lan munculake rasa bersalah sing dukur kanggo aku.

"terus kenapa si Zidi iku kaya ngono?" takokku sambil nunjuk Zidi sing lagi mangan apel. "oh lek iku ancen sifat e ngono, tapi asline arekke apik kok, buktine arekke sing pertama kali nyadar lek kalian gak balik" jawab Satria ambek ngguyu-ngguyu.

Perasaanku selama iki salah, gak kabeh wong sing kita anggep jahat iku jahat, bisa ae sebenere kejahatan iku nganggo ngelindungi awake. Kita dadi wong juga gaoleh berburuk sangka menyang wong liya tanpa ngerti apa sing sebenere terjadi. Sejak iku hubunganku ing kabeh kewan dadi apik, terutama ing kaum serigala, awake hidup sejahtera saklawase.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun