Mohon tunggu...
Nabilla Fajriyah
Nabilla Fajriyah Mohon Tunggu... Mahasiswa - Mahasiswa

Uhuyy

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Sahabatku Kang Becik Atine

17 Oktober 2023   12:29 Diperbarui: 17 Oktober 2023   12:31 757
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash


Pas balik sekolah nabilla nova lan konco kelasse mangkat niliki wina
Sing wis ora mlebu sekolah seminggu,krungu-krungu wina loro tipes
Nabilla nova lan konco sekolah inisiatif urunan gawakne jajanan lan
Buah sing wina seneng.

Nabilla nova lan konco-konco numpak motor bareng-bareng
Ndilalahe pas ning tengah dalan ban motorre nabilla ketubles paku.

  "nov, motor iki kok kroso gliyut-gliyut" tembung nabilla maring nova.
  "sik tak mandek sik. tak tiliki ngopo kok koyo kui" bales nova.

Terus nabilla mandek mbek nova nggo ndelok motorre nabilla
Saktemene kenek opo. Konco-konco liyane langsung maring omahe wina.
Barang nova delok, tibake ban motore nabilla ketubles paku ngasi gembes.

  "jebule ban motor iki gembes bil" tembung nova ning nabilla.
  "oh iya nov" bales nabilla.
  "yawis nov golek tukang tambal ban disik" tembung nabilla.
  "yawis ayo bil" bales nova.

Akhire nabilla golek tambal ban dikancani nova. Bejane pas kui ra ono
Tambal ban. Yawis, motorre nabila tak gawa balik disik terus nabilla
Nggonceng nova maring omahe wina.

  "yawis nov motor iki tak gawa balik wae" tembung nabila
  "iya bil bonceng  wae" bales nova.

Akhire nabilla karo nova gawa balik motor maring omahe
Nabilla terus nabilla karo nova langsung maring omahe
Wina ngganggo motore nova.

  "yawis nov saiki langsung maring omahe wina wae" tembung nabila
  "iyauwis bil yuh" bales nova.

Nabilla lan nova numpak motorre nova maring omahe wina.
Tibane ning omahe  wina disambut ganing ibune wina.sawise
Iku pada jagongan lan ngobrol-ngobrol.

  "win sebenere loro apa" tembung nabila lan nova.
  "loro tipes bil,nov" bales wina.
  "saiki wis sehat nopo durung" tembung nova.
  "alhamdulillah wis mending" bales wina.

Sawise ngobrol-ngobrol nabilla,nova lan konco-koncone
Pamit balik ning ibune wina soale wis sore.

  "bu niki badhe mulih,soale waktune sampun sore" tembung nabilla.
  "oh nggih, matur suwun wis niliki wina" bales ibune wina.
  "nggih sami-sami bu" tembung konco-koncone wina.

Terus nabilla,nova lan konco konco balik saking omahe wina. Ning dalan  
Nabilla matur suwun banget Karo nova mergo gelem ngancani pas
ban motorre nabilla gembes Lan mergo gelem diboncengi nabilla
mangkat lan mulih dina kui.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun